Minggu, 11 Maret 2018

Kasmono 21

��Kasmono Linda 21 ��

Kurang luwih Siji setengah tahun kepungkur, Dokter Spesialis Dalam sing nangani Linda angkat tangan , lan kanti abot nerangake menowo kesehatane Linda Ora bakal tahan luwih soko rong tahun maneh.

Linda sedih, ...... ngamuk nggrodah nggrodah, nesu. Iki kabeh goro2 Romone.

Linda nyalahake Romone kang dianggep dadi jalaran larane kang parah iki.

Anggepane Linda, Umpomo diidinke mbiyen mlebu sekolah seni, uripe bakal bedo. Tansah endah, harmoni, nyeni lan tentrem damai.

Nekuni Sekolah bisnis, mimpin perusahaan kang kebak persaingan iku nuwuhake stress tinumpuk kadang kolo Ora dirasaake. Akeh rundingan rundingan kang dowo , njalani intrik intrik kang agawe sayah jiwane.

Dasare Linda wong kang ulet , Ora gelem kalah lan ambisi tansah pingin dadi nomer siji ing lingkungane. Rikolo  kuliah ono Amerika, Linda ngetok doyo juange sak pol2e, sinau nganti Ora ukuran, nganti lali wektu. Pamrihe pingin dadi nomer siji, kang paling apik, juara ing lingkungan Internasional, mahasiswa soko sak antero donya.

Lulus soko Amerika, bali Jakarta, Linda pingin nyambut gawe sing enteng ono perusahaan grup keluarga, sinambi arep kuliah maneh ono Institut Seni Jakarta.

Ananging Romone Ora setuju. Linda ora keno kuliah maneh.

Linda malah diwenehi kedudukan ing nggon panggawean kang abot2, amargo keluarga besar percoyo , menowo Linda bakal iso ngrampungake lan mimpin kanti sukses ing samubarang kabeh pakaryane.

Sanadyan Linda rodo segan aras2 en, ananging ego ne kang duwur lan hasrate tansah pingin ngadepi lan mrantasi tantangan kanti kasil .
Linda makaryo ekstra keras.

Diantem Tumpukan stress soko jaman kuliah tekan wektu nyambut gawe ing Jakarta kang dilakoni, daya tahan awake Linda mudun drastis, Ora kuat nanggung beban kang luwih abot.

Psikosomatis, jiwo kang sayah ing wektu dowo dadeake rogone Linda ugo sayah. Linda nandang lara kang misterius. Sok2 keno Vertigo kang Ora kasongko songko. Nganti divonis Doktere mangkono mau, umure diramal kari rong tahun.

             ��������������������

Linda nemu kesempatan mbales lara atine marang Romone bubar moco proposal ambil alih perusahaan ing Jogya iku.

Lan Aku bakal dadi jembatan, srono lan mbok menowo bakal dadi wedus Ireng.

              ��������������������

Moksa Kaliurang ,

Beny nuturake, dino iku ono Jakarta Linda katon muram , Ora jenak. Praeane kuyu, dumadakan ndadak karo mekso , ngajak Beny pingin menyang Jogya.

Dino candhake, Linda lan Beny mabur nuju Jogya. Mudun Bandara Adi Sutjipto Maguwo, Linda brubah pikiran,  Ora sido nuju Kotabaru nanging ngajak Beny langsung menyang Kaliurang , nginep ono Villa keluarga.

Bengi iku, ono Villa Linda tambah gelisah , tambah Ora jenak. Wira wiri, ngideri omah ditutake si Manis, kucing ingon ingone Linda kang ditinggal ono Villa kono.

Sore ing dino naas iku, kentong titir ngganter ono tlatah Kaliurang. Gegeran wedus gembel ngamuk soko pucuk Merapi katiup angin, mabur mentiyung mlebu tlatah Kaliurang.

Sore iku, Linda nganggo long dress putih, rambute ngrembyak, gelisah khawatir dikancani si Manis. Beny lagi ono loteng, lantai loro.

Dumadakan krungu suarane Linda mbengok soko lantai ngisor,

“ Ben, Manis mlayu!!!”

Beny gragapan mlayu medun kesandung koper kang gemletak. Tekan ngisor meruhi Linda mlayu ngoyak si Manis kang ugo lagi mlayu ngoyak ngoyak kewan cilik kang mlayu mlebu alas pinus kang mepet plataran Villa.

Beny mlayu nututi Linda, ananging soko mburi kang katon , sosok lencir duwur kabungkus long dress putih, rambut ngombak meles Ireng ngrembyak iku mlebu alas ngoyak si Manis.

Durung nganti Beny tekan pinggir alas, dumadakan .....mak nyasss ....kroso howo panas nyamber raine. Suara gembruduk, lan katon awan ganas Wedus Gembel nrejang ngobong pucuk pucuk alas pinus ing ngarep.

“ Lindaa! ! ......... Lindaa !! “

Beny mbengok, ananging Linda wis ngilang ing sajroning alas kobar.

         ����������

Rong dino candhake, petugas search and rescue nyisir alas pinus lan sekitare, Ora nemoke jejake , ugo jasate Linda Ora ditemoake.

Ananging sore iku, si Manis mlayu metu soko alas pinus, bregas waras. Mripate belok Cilang cileng, meang meong mlebu Villa.

Beny kaget meruhi keadaane Si Manis kang mulus Ora kurang sawiji opo, Ora tatu, Ora ono bekas kobong.

Beny Enggal ngajak petugas ngambali maneh nyisir alas pinus kang gundul , bubar katerjang Wedus Gembel.

Ananging maneh, jejak lan jasate Linda Ora ditemoake.

Linda moksa ing Kaliurang, ilang tanpo lacak.����

Kasmono ngrampungake catetane ing tengah kumandang Adzan Subuh kang sejuk sayu ngebaki langit Baciro.

      ����������������������������

Jumat iku koyo biasane, Kasmono makaryo tekun lan tenanan. Ananging ono roso Ora sreg ing perasaane.

Jabatan kang disandang iku mung jalaran soko Linda pingin nggawe takluk Romone, dudu mergo prestasi lan potensine. Iku Ora adil lan Ora bener.

Kasmono tunduk, ngudar pikiran lan ngonceki atine.
Pungkasane mutusake amrih kanggo becike laku perusahaan iki.

Kasmono nyiapake surat pengunduran diri, pingin lengser soko jabatan e.

Lagi nyawangi ruangane kang pungkasan , kanti pasuryan sedih, ono sing ndodog lawang .

Sopire mlebu ruangan nyangking amplop coklat,

“ Pak Kas, meniko wonten serat saking bu Linda  kagem bapak “

   ���� Candhake ����

Tidak ada komentar:

Posting Komentar

Cerkak Prabandari Muridku

*Wacan jawa* *PRABANDARI MURIDKU* Jilid 1 Lagi setengah taun aku mulang SMA Negri Mblimbingsari. Ning rasane kok wis rumangsa srek lan se...