[8:08PM, 3/11/2018] +62 858-7832-1000: Kasmono Linda 21
Kurang luwih Siji setengah tahun kepungkur, Dokter Spesialis Dalam sing nangani Linda angkat tangan , lan kanti abot nerangake menowo kesehatane Linda Ora bakal tahan luwih soko rong tahun maneh.
Linda sedih, ...... ngamuk nggrodah nggrodah, nesu. Iki kabeh goro2 Romone.
Linda nyalahake Romone kang dianggep dadi jalaran larane kang parah iki.
Anggepane Linda, Umpomo diidinke mbiyen mlebu sekolah seni, uripe bakal bedo. Tansah endah, harmoni, nyeni lan tentrem damai.
Nekuni Sekolah bisnis, mimpin perusahaan kang kebak persaingan iku nuwuhake stress tinumpuk kadang kolo Ora dirasaake. Akeh rundingan rundingan kang dowo , njalani intrik intrik kang agawe sayah jiwane.
Dasare Linda wong kang ulet , Ora gelem kalah lan ambisi tansah pingin dadi nomer siji ing lingkungane. Rikolo kuliah ono Amerika, Linda ngetok doyo juange sak pol2e, sinau nganti Ora ukuran, nganti lali wektu. Pamrihe pingin dadi nomer siji, kang paling apik, juara ing lingkungan Internasional, mahasiswa soko sak antero donya.
Lulus soko Amerika, bali Jakarta, Linda pingin nyambut gawe sing enteng ono perusahaan grup keluarga, sinambi arep kuliah maneh ono Institut Seni Jakarta.
Ananging Romone Ora setuju. Linda ora keno kuliah maneh.
Linda malah diwenehi kedudukan ing nggon panggawean kang abot2, amargo keluarga besar percoyo , menowo Linda bakal iso ngrampungake lan mimpin kanti sukses ing samubarang kabeh pakaryane.
Sanadyan Linda rodo segan aras2 en, ananging ego ne kang duwur lan hasrate tansah pingin ngadepi lan mrantasi tantangan kanti kasil .
Linda makaryo ekstra keras.
Diantem Tumpukan stress soko jaman kuliah tekan wektu nyambut gawe ing Jakarta kang dilakoni, daya tahan awake Linda mudun drastis, Ora kuat nanggung beban kang luwih abot.
Psikosomatis, jiwo kang sayah ing wektu dowo dadeake rogone Linda ugo sayah. Linda nandang lara kang misterius. Sok2 keno Vertigo kang Ora kasongko songko. Nganti divonis Doktere mangkono mau, umure diramal kari rong tahun.
Linda nemu kesempatan mbales lara atine marang Romone bubar moco proposal ambil alih perusahaan ing Jogya iku.
Lan Aku bakal dadi jembatan, srono lan mbok menowo bakal dadi wedus Ireng.
Moksa Kaliurang ,
Beny nuturake, dino iku ono Jakarta Linda katon muram , Ora jenak. Praeane kuyu, dumadakan ndadak karo mekso , ngajak Beny pingin menyang Jogya.
Dino candhake, Linda lan Beny mabur nuju Jogya. Mudun Bandara Adi Sutjipto Maguwo, Linda brubah pikiran, Ora sido nuju Kotabaru nanging ngajak Beny langsung menyang Kaliurang , nginep ono Villa keluarga.
Bengi iku, ono Villa Linda tambah gelisah , tambah Ora jenak. Wira wiri, ngideri omah ditutake si Manis, kucing ingon ingone Linda kang ditinggal ono Villa kono.
Sore ing dino naas iku, kentong titir ngganter ono tlatah Kaliurang. Gegeran wedus gembel ngamuk soko pucuk Merapi katiup angin, mabur mentiyung mlebu tlatah Kaliurang.
Sore iku, Linda nganggo long dress putih, rambute ngrembyak, gelisah khawatir dikancani si Manis. Beny lagi ono loteng, lantai loro.
Dumadakan krungu suarane Linda mbengok soko lantai ngisor,
“ Ben, Manis mlayu!!!”
Beny gragapan mlayu medun kesandung koper kang gemletak. Tekan ngisor meruhi Linda mlayu ngoyak si Manis kang ugo lagi mlayu ngoyak ngoyak kewan cilik kang mlayu mlebu alas pinus kang mepet plataran Villa.
Beny mlayu nututi Linda, ananging soko mburi kang katon , sosok lencir duwur kabungkus long dress putih, rambut ngombak meles Ireng ngrembyak iku mlebu alas ngoyak si Manis.
Durung nganti Beny tekan pinggir alas, dumadakan .....mak nyasss ....kroso howo panas nyamber raine. Suara gembruduk, lan katon awan ganas Wedus Gembel nrejang ngobong pucuk pucuk alas pinus ing ngarep.
“ Lindaa! ! ......... Lindaa !! “
Beny mbengok, ananging Linda wis ngilang ing sajroning alas kobar.
Rong dino candhake, petugas search and rescue nyisir alas pinus lan sekitare, Ora nemoke jejake , ugo jasate Linda Ora ditemoake.
Ananging sore iku, si Manis mlayu metu soko alas pinus, bregas waras. Mripate belok Cilang cileng, meang meong mlebu Villa.
Beny kaget meruhi keadaane Si Manis kang mulus Ora kurang sawiji opo, Ora tatu, Ora ono bekas kobong.
Beny Enggal ngajak petugas ngambali maneh nyisir alas pinus kang gundul , bubar katerjang Wedus Gembel.
Ananging maneh, jejak lan jasate Linda Ora ditemoake.
Linda moksa ing Kaliurang, ilang tanpo lacak.
Kasmono ngrampungake catetane ing tengah kumandang Adzan Subuh kang sejuk sayu ngebaki langit Baciro.
Jumat iku koyo biasane, Kasmono makaryo tekun lan tenanan. Ananging ono roso Ora sreg ing perasaane.
Jabatan kang disandang iku mung jalaran soko Linda pingin nggawe takluk Romone, dudu mergo prestasi lan potensine. Iku Ora adil lan Ora bener.
Kasmono tunduk, ngudar pikiran lan ngonceki atine.
Pungkasane mutusake amrih kanggo becike laku perusahaan iki.
Kasmono nyiapake surat pengunduran diri, pingin lengser soko jabatan e.
Lagi nyawangi ruangane kang pungkasan , kanti pasuryan sedih, ono sing ndodog lawang .
Sopire mlebu ruangan nyangking amplop coklat,
“ Pak Kas, meniko wonten serat saking bu Linda kagem bapak “
Candhake
[8:56PM, 3/11/2018] +62 858-7832-1000: Kasmono Linda 22
( edisi tamat )
Kayoman teduhe alas pinus ing lereng Merapi, Kasmono lungguh ono Watu nyawangi aliran bening Kali Kuning.
Hening, tentrem amung gemericik toya kang mili Ora kendat, nyebar kasuburan marang sumawono pesawahan, pategalan lan pekarangan ing tlatah Merapi.
Hening iku sirna marang Suara peksi kang ganter saut2an, ngiringi Sumunaring Srengenge ing antoro rimbune alas pinus , kang wis pulih soko amuke Wedus Gembel.
Awan iki ing Kali Kuning koyo perhelatan Agung regeng, unjuk atur syukur marang Gusti Allah kang murbeng dumadi.
Sepisan maneh Kasmono ngrampungake moco surat pungkasan soko Linda, kang nglengkapi opo kang dicritaake Beny.
Kasmono unjal ambegan .... Hmm
" Aku bakal enggal ngedeake Yayasan Sosial Lindawati,"
batine Kasmono.
Wis telung wulan iki, sakploke Kasmono nyiapake surat lengser jabatan, Kasmono tetep nyambut gawe koyo biasane, malah tansah luwih giat pethel nindaake tanggung jawabe minongko wakil Direktur perusahaan.
Surat lengser kang wis disiapake Kasmono , Ora sido diaturake marang pamengku Saham, jalaran soko surat pungkasane Linda kang mbukak kabeh pitakonan kang ngetok ketok atine.
Mengkene surasane,
Jakarta, September 1980an.
Kasmono kang tulus.
Mbok menowo ing wektu sliramu moco surat iki, Aku wis manggon ono Alam liyo, ninggalake sakabehe.
Aku wis nemu firasat, menowo sedela maneh bakal tinimbalan marang Gusti, ninggalake donya, sakabehe, ugo ninggalake sliramu.
Surat iki tak tulis kanti seksi Beny adiku sing pinercoyo, lan aku pesen , supoyo surat iki diaturke marang sliramu sak wise aku wis tinimbalan.
Kasmono kang andap asor,
Sing gede pangapuramu, marang kumowaniku, dene Aku ngerti kabeh kedadean kang panjenengan alami ono kantor lan ugo ing keluargamu, amargo sopir kang ndampingi panjenengan budal lan mulih kantor iku , aku sing milih lan mrintahake.
Kajobo dadi sopir deweke ugo ngugemi printahku dadi telik sandi, kang pendak ndino nglaporake kabeh kedadean ing Jogya.
Kas,
Sliramu mesti isih emut aku ngirim lukisan kanti tulisan
“ I’m sorry good bye"
, tulisan iku dudu mung ekspresi sentimentilku, ananging iku suara terus jero atiku. Aku njaluk apuramu, ugo pamitku marang sliramu. Aku wis pikantuk firasat, menowo bakal ora ketemu marang sliramu maneh.
Kasmono kang wicaksono,
Dene marang prakoro usulan sliramu dadi wakil Direktur. Mbok menowo sliramu wektu iku kaget lan ora nyongko, lan wektu iki mbok menowo sliramu isih rumongso tak apusi, bilih iku mau amung laku sandiworo kanggo lamise pamrihku.
Kanti satemene Kas, iku mau usulanku kang tak ajoake murni kanti dasar pertimbangan kanggo majoake perusahaan.
Aku wis ngamati, nliti rapor hasil kerjamu, pakarti lan ugo potensi kesanggupanmu mimpin perusahaan
Sliramu lulus, lan pantes mimpin kanggo ngembangake perusahaan iki.
Sanadyan sliramu amung lulus sekolah menengah atas, ananging hasrat, kemampuan dalah kemauanmu kuat lan mumpuni. Dadi Ora ono gegandengane marang sandiwara katresnan lan bebojoan iku.
Mulo ojo ragu lan ono prasongko tumrap jabatanmu sing koyo ndadak tibo soko langit.
Kas, mugo mugo sliramu ngerti, yen
Perusahaan iki wis tak anggep anak sing tak lairake, lan aku kepingin bocah iki bakal tumbuh sehat lan kuat.
Aku titip marang sliramu mimpin lan nggowo perusahaan iki menyang kemajuan, kesejahteraan lan kemanfaatan.
Tak ambali maneh, Aku titip perusahaan iki marang sliramu.
Kasmono,
Dene awakmu kang kegowo gowo ono cecongkrahanku marang Romoku, sepisan maneh aku njalik apuramu, mugo mugo iku enggal iso dadi masa lalumu, sing wis kudu dilalekake.
Iku kabeh mung Nuruti sentimen pribadiku kang tanpo arah, Aku gelo lan rumongso salah, wis kadohan nglibatake perasaanmu lan ugo keluargamu.
Sanadyan Aku duwe getih liberal wong Londo, ananging kodrat lan uripku tetep insan Jowo kang ora keno wani lan nyusahake wong tuwo.
Ing pungkasan, Aku wis nompo kodratku dadi putri Jowo sing kudu Tut Wuri, kanggo kabecikan kang luwih gede.
Kas,
kajobo soko iku kabeh, ono maneh sing bakal tak titipake marang sliramu.
Aku kanti sadar lan yakin, bakal nggibahake andil / saham ku ono perusahaan grup keluarga marang sliramu Kasmono, kang gedene rongpuluh prosen.
Aku ugo njaluk supoyo Beny enggal ngrampungake urusan walik jeneng andil, soko jeneng Lindawati marang jeneng Kasmono.
Pangarepku, sliramu ora nolak hibah iki, lan Aku ugo percoyo penuh marang Sliramu, tumrap pangupokoro lan kanggo opo kabeh hasil soko saham mau.
Insya Allah hibah iki bakal dadi keberkahan lan pikantuk ridla Gusti Allah.
Aku amung pingin pesen ugo marang Sliramu Kas. Sanadyan aku lan sliramu iku putro putri Jowo, ananging ojo melu salah kaprah tumrap keyakinan menowo " Urip iku mung sak dremo nglakoni " iku salah Kas.
Leluhur Jowo sejatine ngajarake " Urip iku nglakoni, ora mung sak dremo, ananging kudu temen2 nglakoni " amargo manungso diwajibake ikhtiar sakuate, ing dalan lan perintahe Gusti.
Gusti Allah iku adil, ora pilih kasih.
Dene ikhtiar iku kudu ndisikake tekad " Rawe rawe rantas, malang malang putung " ojo kosok balen, malah ndisikake geguneman " Alon2 waton kelakon"
Menowo mangkono iku keyakinan lan solah tindake awake dewe, Aku lan kowe iso nepuk dada, lan ujar menowo awake dewe iki putro putri Jowo kang sejati.
Lan sepisan maneh aku percoyo, sifat koyo sliramu kang ngregani liyan, tulus, ngabdi, tenggang roso dalah tansah pingin maju, bakal nggowo apik lan majune perusahaan iki.
Kas, Lan Aku ugo amung ngelingake, ing kasunyataning urip,
Ora ono wong
kang mutlak becik, utawa mutlak ala.
Kasunyatane, hubungan marang liyan iku " gegandengan kang muat tresno benci, love hate relationship " amargo pendak wektu manungso iku berubah.
Mulo anggonmu mimpin, ( lan aku wis ngusulake sliramu bakal ngganti Aku) perlu nduweni sifat lan sikap ; tansah duwe hasrat sinau lan maju, ora gampang lara ati, lan ugo gampang menehi apura marang liyan.
Mangkono Kasmono, menggah opo sing dadi kepinginanku, harapanku. Lan sepisan maneh Aku njaluk apuramu.
Aku ndonga,
Mugo mugo Gusti Allah ngijabahi niat kang becik iki.
Salam lan jalukno apuraku marang Miranti ,,, bojomu.
Aku pamit.
Lindawati
Sepisan maneh Kasmono unjal ambegan. Moco kanti lerem layang dowo minongko suroso pamite Lindawati.
Kasmono netepke tekate nompo amanah soko Linda kanti syukur lan tanggung jawab.
Lan niatake bakal ngimpun dana abadi soko hasil rong puluh persen andil ing perusahaan kang cukup gede iki kanggo atetulung liyan kang nandang lara, kesusahan lan ugo kanggo nggalang pendidikan.
Kasmono netepake Linda bakal dadi panutan lan semangat Rawe rawe rantas , kanggo panggawe pakarti becik.
Kasmono menyat ngadeg mlaku alon nyingkir, ninggalake Kali Kuning.
Mudun nyusur kelak kelok Jalan Kaliurang,
Pasuryane mantep, kebak keyakinan, bakal bali marang keluargane Miranti dalah anak2 e, lan keluarga sing ke loro, yaiku Perusahaane, lan ugo keluargane sing ketelu Yayasan Libdawati.
Dino iki Kasmono napak Kali Kuning ing lereng Merapi, minangka ziarah marang Lindawati kang ora terang panggon kubur lan jasate.
Kali kuning dadi simbul bening niat lan perjuangan kang mili ngalir tanpo kendat, kanggo kabecikan.
Tekate teges, bakal njaga lan makmurake keluarga keluargane. Amargo keluarga iku Omah lan dalan Uripe.
Kasmono nyawang lembayung Sandyakala, Mego arak arakan, akoyo Baito kang nglayari Samodra.
Sandyakala iku dudu pung kasaning crito , ananging awal perjuangane Kasmono.
Ing angkoso Elang ngepak sayap......nembus Langit.
Tancep Kayon
Blencong Mati
Cuthel
Tidak ada komentar:
Posting Komentar