Sabtu, 10 Maret 2018

Cerita cekak 14 -20

[10:49AM, 3/8/2018] ‪+62 858-7832-1000‬: ☺ Rosa KasmoLin 14 ��

Esuk iku, sakdurunge kantoran, Kasmono mampir Omahe Linda, Kotabaru. Karo Miranti, Kasmono digawani bungkusan panganan, oleh oleh kanggo poro pembantu lan sopire Linda.

Jam 7.30, Kasmono wis tekan Kotabaru. Dilungi panganan, pembantune Linda katon seneng lan luwih ramah nyambut Kasmono. Gage gage nggaweke teh manis anget, lan malah nyuguh Lupis karo Ketan bubuk  barang, Panganan karemane Kas.

Kasmono basa basi sawetoro. Pembantune Linda ngetoke paket e, bungkusan ora patio gede, ono tulisan alamate,

" Kagem Kasmono “

Kasmono nompo bungkusan paket, ora ngetoake roso gumune lan pikirane sing gemubyek, praeane dibiasa biasake datar, tanpo ekspresi.

Sanadyan bangete pingin ngerti opo isi paket iku, nanging isih ditahan. Mengko wae tak bukak ono kantor, batine Kasmono.

Sakbanjure Kasmono arep nelisik sandi tumrap keadaane Linda, ngorek pawarto soko pembantune.

Kanti migunakake teknik2 wawancara sing ora ketoro , sing wis tau disinauni lan diprakteke jaman dadi reporter serabutan koran lokal; Kedaulatan Rakyat lan koran Masa Kini.

Rodo muter2 pitakone karo geguyonan. Wanci jam 9.00 punjul sitik, Kasmono pamit, lan wis ngerti opo sing dialami Linda ing setahun pungkasan iki.

            ��������

Sakbenere Lindawati iku nandang leloro dalem sing abot, kang wis dingerteni setahun kepungkur.

Perawatan lan pengobatan rutin di pinang genahi Dokter Spesialis dalem terkenal ono Jakarta.

Durung terang lan pasti penyakit opo sing disandang Linda. Setengah tahun kepungkur Linda wis luwih bregas lan sehat Ora ngetoke gejala2 sing biasa dialami.

Mulane wong tuwane lan pak cilike ngidinke Linda sing kepingin ndandani lan mimpin perusahaan sing diambi alih ono Jogya iku.

Linda iku spesialis ndandani perusahaan sing lagi oleng, meh bangkrut, awit thesis kang ditulis kanggo Mastere Bisnis ono Amerika pancen kasus kasus perusahaan mrosot lan oleng.

Linda wis pengalaman lan kasil ngolah 3 perusahaan sing meh ambyar gulung kloso, dadi sehat lan bati.

              ������

Ananging rong wulan kepungkur, Linda ngalami kemunduran kesehatan drastis.

Linda kudu istirahat lan saat iku mutlak ngurangi aktivitas fisik, njalani perawatan kang intensif. Keluargane sarujuk yen lorone Linda ora perlu diwartake disik, disimpen rapet kanggo jogo reputasine Linda.

Iku analisa lan kesimpulan hasil wawancara Kasmono ono Omah Kotabaru.

                 &&&&&

Tekan kantor, Kasmono enggal mlebu ruangan, pingin gage mbukak bungkusan paket soko Linda.

Ora ono surat, ora ono tulisan, isi paket awujut lukisan ono kanvas ukuran
1 x 1,5 M kanti warna warni macem2. Antara ono bentuk sing jelas sing meleleh, nganggo teknik plototan.

Iso disebut iki gaya lukisan kombinasi surealis Salvador
Dali lan gaya ekspresionis Affandi . Kasmono Durung patio mudeng maknane, ananging iso menikmati keindahane.

Sing mencolok soko lukisan iku tulisan meleleh sing dadi latar ngarep kanti kombinasi warna abang Ijo Ireng kuning.

        I’M SORRY
                    GOOD BYE

Tulisan iku koyo tombak kang langsung nancep ing dodone Kasmono, opo meneh ono tanda tangan Lindawati ing tengen ngisor lukisan.

Iki lukisane Linda, opo maknane? Opo pesen sing pingin ditekake marang aku? Kasmono mbatin lan mikir.

Jiwo sing murung? Sunyi ananging ruwet? Njaluk apuro? Pepisahan pamitan?

Dino iku Kasmono dadi murung, kurang semangat, batuke njengkerut.

                 @@@@@

Roso murung iku kegowo tekan omah. Kasmono ndewe ono teras mburi karo nyawang kolam. Kepikiran lan rumongso salah, ojo2 loro ne Linda kambuh maneh jalaran katresnan kang ditolak Kasmono. Kasmono nggetuni awake dewe, gelo rumongso salah.
Very deep feeling guilty.

                &&&&&&

Roso murung kang kegowo gowo tekan omah pirang2 dino iki , digateake Miranti kanti sumelang . Batine Miranti, opo bojone kabotan gawean? Ono masalah sing gede ono kantor? Kok geneo samsoyo dino Bojone katon murung, ngalamun. Miranti pendak dino tambah nyemelangake bojone.

Iki Ora keno dinengke, aku bojone, sanadyan ora pendidikan duwur aku kudu ngerti opo masalahe bojoku , lan keporo kudu iso menehi pertimbangan tumrap kanggo uwal soko masalah sing ono.

“ Aku sesuk kudu takon bojoku Kasmono, opo sing nyebabke murung iku “

      Isih durung kecandhak
                    Tutuge
[12:07PM, 3/8/2018] ‪+62 858-7832-1000‬: ��Rosa KasmoLin 15��

Miranti wis apal anglehe Kasmono pungkasan iki. Bubar daharan bengi, Kasmono lungguh dewe ono teras mburi, ngalamun nyawangi kolam iwak mas.

Biasane, bubar nyepaki teh panas legi, karo nyamikan pisang goreng utawa jadah bakar, Miranti enggal mlebu ruang utama. Nonton acara TVRI Jogya. Senengane nonton acara penyanyi lokal lan dagelan Mataraman plesetan ala Basiyo.

Nanging bengi iki, bareng ndeleh teh lan nyamikan Miranti melu lungguhan ono teras mburi . Sawetoro nyawangi kolam, karo nyoba ngrasaake suasana bengi iki.

Miranti ngrungoake Kemricike banyu kolam kang ngalir lan muncrat, kecipak kecipak iwak mas gembribet kang Ora kendat sliweran ing banyu. Kang -kung , kang - kung swara kodok ngorek. Lan minyar minyure  pang pang cilik lan gegodongan katiup angin semilir ratri.

Miranti ngayati lan koyo manunggal ing alam, kalbune tenang tentrem lan sumarah. Ananging jejerane Kasmono katon ora tenang belingsatan ing suasana bengi kang tentrem tentrem iki , Amargo Miranti ora koyo biasane lungguh ono kono.

“ Mas Kas, aku ngerti lan melu ngrasaake, wektu iki panjenengan lagi nandang masalah awrat kang nembe panjenengan pikul “

Kasmono njenggirat krungu ujare Miranti kang tanpo sronto sronto iku , sirahe koyo ditutuki pukul besi, wetenge mbesesek kenceng koyo ditaleni dadung . Ujare Miranti nusuk ulu atine, perih.

“ Ora ono masalah opo opo kok jeng, biasa wae, kakean gawean kang kudu enggal rampung” gragapan Kasmono jawab pitakone Miranti sakenane, nyelaki.

“ Mas, wis pitung tahun aku dadi bojomu, solah bowo roso getun seneng njenengan aku yo apal, ora sah dicritani aku ngerti.Ananging  sing iki opo masalahe? dene banget le ngebot ngeboti roso panjenengan, Ojo selak lan ngapusi aku, aku bojomu mas !!! “Miranti ngoyak.

Didesek desek , dioyak oyak, diprenguti, diencepi lan ditangisi Miranti, Kasmono ora tahan , jebol katahanane nggembol wadi lan masalahe.

Kabeh opo anane bab sopo iku Lindawati ugo opo tantingane dictritaake marang Miranti, amargo Kasmono iku sisihan kang lugu tur jujur lan ugo lagi gugup.

“ Ananging aku ugo Ora tego marang sliramu lan bocah bocah Jeng “ujare Kasmono

Kasmono ugo terus terang crito yen saiki lagi bingung, maju mundur, roso mesaake marang Linda kang wis nduweni jasa gede, mangu mangu setengah pingin setengah Ora nompo tantingane Lindawati.

Miranti nangis alon mingsek mingsek krungu njlentrehane Kasmono kang blak blakan iku.

Enggal Miranti oncat soko lungguhe, mak brebet mlebu omah, kenceng nutup  lawang. ....... Ketutup luhe sing dleweran ono pipine , praupane Miranti Abang mbranang,  nyimpen lan nahan murkone. Umpono ono endog mentah sing ditempelke ono dodone, pasti bakal enggal mateng, kobong keno kobar urup panas atine Miranti.

Lawang kamar dikunci, Miranti Nggletak ono jobin kamare kang anyep. Rambute riyap riyap karo nangis sesenggukan , Miranti banget gegetun lan rumongso Ora ono regane.

            ��������

Wis rong ndino iki Miranti pisah kamar karo bojone. Ora gelem rembukan karo Kasmono. Donyane Miranti peteng lan bruwet ing tengah Sengenge kang suminar padang.

Rong ndino ngalamun, nyoba nlesih nlesih atine, ngonceki jiwane. Lan ugo nyoba ngroso lan mikir tetembungan Jowo kuno kang ngasorake kaum wanodya  “ Wong wedok iku swargo nunut neroko katut marang semahe “

Bareng ditimbang timbang lan diroso kanti tememen, Miranti mutusake. Sesuk aku bakal masrahake krentege atiku marang Kasmono, bojoku.

          ����������

    Insha Allah bakal cuthel
    ing episode 18
[5:40PM, 3/9/2018] ‪+62 858-7832-1000‬: �� Rosa KasmoLin 16��

Kasmono nratap, esuk esuk bubar Sholat Subuh, metu soko kamar, meruhi Miranti lagi nyapu pelataran. Kemresek kenceng Suarane. Miranti ugo trengginas nguncal nguncalake ranting ranting cilik kang tibo sumebar ngregeti plataran.

Miturut laporan pembantune , rong dino iki Miranti lagi metu soko kamare menowo Kasmono wis budal kantor. Ketoke lagi Ora gelem aruh aruh marang bojone.

Ugo Rong dino iki Miranti poso wicara, ora resik resik, Ora menehi printah lan mbantu masak . Ora dandan, Ora blonjo, Ora metu omah. Poso soko sakabehe, koyo koyo lagi nikmati lan  ngayati perasaane sing loro, perih lan ....  ambyar. Mripate cuwong kurang turu, rambute ngriyap Ora rapi, njegrig koyo rambut Singo Barong.

Kasmono namung ngindik soko njero omah, Ora wani nyedaki lan nyopo Miranti.

Miranti koyo wong kang lagi uwal soko Kawah Candradimuka. Pasuryane mantep, tangane kenceng olehe nyekel sapu lan katon yakin opo sing ditindaake.

Ora mung nyapu plataran, Miranti ugo ngepel ruangan, lap lap perabotan, isah isah, pingin mrantasi opo wae, koyo lagi nyalurake  enerjine sing lagi mencep mencep .....,...  mbludak.

Nganti Kasmono budal kantor, Miranti durung kemput anggone pingin mrantasi lan ngrampungke gaweyan sing rong ndino iki kabeh ditindaake pembantune.

Wanci jam 10 esuk, omah sepi, Miranti wis rapi pasuryane resik cemlorong. Lungguh dewe ono ruang keluarga, nglaras midangetake gending gendinge Ki Nartosabto kang ngalun soko kaset sing lagi wae dipasang. Nglaras gending Ki Narto Sabdo kang ngalun soko sinden kanti suara bening, nggowo Miranti mabur mlebu donya kang beda. Donya kang adem, tentrem, pasrah sumarah. Cess ......atine Miranti koyo ditetesi embun esuk. Urip sak dremo nglakoni.

           ����������

Miranti wis netepke keputusane, Kasmono iku bojoku, bapake anak anaku, mantune wong tuaku, sedulure sedulur sedulurku.
Lan iku bakal tetep mangkono , menowo Kasmono bakal tetep ngrabeni Lindawati.

Sakdurunge Miranti ugo mikir pilihan kang paling pait, yaiku njaluk pegatan, anake digowo lan diopeni Miranti dewe. Ora nuntut opo2.

Dipikir luwih jero, iku mung keputusan kang nglegani ati lan egone ing jongko cendak. Jongko dowone kepiye? Miranti mbayangake statuse, nyambut gawe dewe, golek nafkah kanggo nguripi lan mbiayani keluarga.

Anak2 e?   Miranti ora kuat mbayangke, Miranti sesenggukan nangis sepi ing tengah wengi.

Ditimbang timbang maneh, pungkasane Miranti duwe keyakinan, menowo Kasmono bakal iso adil marang Miranti lan anak2 e, sadayan duwe sisihan kang anyar.

Miranti bakal nurut opo kang bakal dadi keputusane Kasmono. Menowo kanggone Kasmono, nikah sing kaping loro karo Lindawati bakal dadi dalan sing paling apik, Miranti bakal dadi makmum sing miturut.

Ananging Miranti njaluk Kasmono mikirake sepisan maneh putusan kang abot iki.

Menowo pancen Kasmono wis antep ing ati bakal rabi maneh, Miranti bakal manut marang takdire, nompo Lindawati kanti ikhlas dadi madune.

Iku kabeh bakal dilakoni, amargo Miranti tetep Tresno marang Kasmono bojone.
....... Tresno kanti huruf T gede lan kandel . Ugo mikirake tembe mburi anak2e.

Miranti kroso plong, lego legawa menowo pancen Kasmono bakal ngloroake atine, marang deweke lan marang Linda.

           ����������

Bengi iku Miranti matur marang Kasmono kanti takjim, menowo bakal ikhlas yen pancen Kasmono tetep arep ngepek Linda dadi sisihane kang nomer Loro.

Miranti matur lirih ananging teges lan lancar. Rembuke Ora gelem diselo.

Bareng Miranti wis ngrampungke ature, Sakdurunge Kasmono mangsuli, Miranti wis ngadeg soko kursi, bablas mlebu kamar. Ngunci kamar nggletak turu nganti esuk.
Tangi, sholat subuh, nyapu plataran, resik resik omah, lap lap, isah isah, ngurusi anake, masak lan sakteruse
Pendak ndino nindakake bab kang podo. Rutin koyo ....mesin.
Miranti irit wicorone nanging akeh tumandange.

         ����������

Kasmono kami tenggengen ngrungoake ature Miranti kang runtut lan teges iku. Ono roso pait lan rumongso salah tinanggung . Kasmono gedeg2 ugo mlebu kamare dewe.

Ketap ketip, mikirake sepisan maneh, Kasmono netepake ati bakal nglamar Linda. Kasmono ugo duwe keyakinan, Linda bakal sehat maneh lan uwal soko penyakite menowo bebrayan marang Kasmono.
Kasmono ugo janji marang awake dewe , yen Ora bakal nelantarake , Ora bakal ngurangi tanggung jawab lan kewajibane marang Miranti lan anak2e.

Keyakinane Kasmono iku sakjatine Ora ono dasarane, Ora mlebu logikane, Ora nalar pikire. Ananging  roso mesakake, roso pingin nulung ngalahake nalar cerdase Kasmono.

          ����������

Mbuh soko ngendi sumbere, sore iku sekretarise Kasmono lapor , entuk kabar yen sesuk awan bu Linda bakal bali menyang Jogya , njujuk dalem Kotabaru.

Kasmono kaget lan bungah . Linda wis sehat? Mbayangake bakal aktif nyambut gawe bareng Karo Lindawati calon sisihane ........ nggeterke atine, seneng campur miris.

           ����������

Isih udan ndrejeh esuk iku Kasmono wis siap bakal budal kantor. Koyo Ora sakbeane ing Wulan September sing biasane isih panas, soko wanci Subuh mau udan bres tumurun ing langit Ngayogyakarta kanti bledek kang nyamber nyamber Ora kendat.

Opo iki sing diarani salah mongso? pitakone Kasmono Karo munggah mobil Taft ono sisihe sopire.

Mobil Daihatsu nembus udan kang samsoyo deres. Langit Ngayogyakarta peteng ndedet, Srengenge koyo dipenjoro Ora iso njedul lan sumunar ing esuk iki. Tekan kantor, Kasmono ngipat ipatake hem me sing keno udan karo unjal ambegan “ kok udane nyolowadi temen, tambah deres kanti angin gede lan amuking bledek , .... pertondo opo iki?”

             ����������

Sore iku udan isih nggrejeh, banyu koyo pesto ing sak enggon enggon, Kasmono perintah sekretarise supoyo ngabari menyang Kotabaru menowo Kasmono bakal ngadep Lindawati.

Ananging Kasmono kaget nompo jawaban lan keterangan soko Kotabaru.
Lindawati wis bali Jogya dek wingi awan dikancani adine Beny. Soko bandara, Linda lan Beny langsung budal menyang villane ono Kaliurang , bakal tetirah sawetoro wektu.

Kasmono ora ngiro menowo Linda wis ono Jogya soko dino wingi, lan saiki ono Kaliurang. Atine kroso Ora kepenak, ono roso was Was sing mrembet lan nggrayangi sakujur awake.

Udan deres isih durung leren, Ora jemu lan Ora entek entek banyu nyempyok tumpah ruah soko langit.

Dumadakan keprungu siaran lan pengumuman soko RRI Jogya, ngabarake yen awan mau Gunung Merapi ngetoake lahar panas. Merapi watuk watuk, watuk kang malati lan mbebayani. Siaran lanjutan ngabarake , yen Wedus Gembel awan panas ketiup angin ngarah menyang lereng Kaliurang.

Dheg, Kasmono nratap krungu kabar kang tan kiniro iki. Pikirane nglayang, Linda isih ono Kaliurang opo wis medun. Wedus Gembel kang mudun soko pucuk Merapi bakal nuwuhake bebayo kanggo sing dilewati.

Aku kudu metuk Linda. Aku kudu mangkat Kaliurang saiki ugo.

Kasmono melompat, gage mlayu menyang lantai dasar.

       Tutuge ��������
[10:46AM, 3/10/2018] ‪+62 858-7832-1000‬: �� Rosa KasmoLin 17��

Akeh sebutan sing si nandang Kuto Ngayogyakarta Hadiningrat.

Kuto perjuangan, Kuto Pelajar, Kuto Budaya, Kuto Wisata, Kuto Gudeg lan ugo Kuto Sepeda.

Kuto Jogya ugo wis nate dadi ibukota NKRI sing ke loro , tahun 1948 . Mulo ing ujung jalan Malioboro ngadeg Istana Negara sing sinebut Gedung Agung.

Sing arang sinebut, Jogya iku ugo “ Kuta Spiritual “. Ono kekuatan kekuatan spiritual kang nglingkupi lan mengaruhi ubyek uteke masyarakat Ngayogyakarta.

Ono 3 doyo spiritual kang paling duwe pengaruh gede, ing tlatah Ngayogyakarta , yaiku ; Gunung Merapi, Kraton Jogya lan Segoro Kidul sekitaran Parang Tritis, Parang Kusumo, Muara Ketemune Kali opak kali Oya lan gumuk pasir Parang Tritis.

Didelok Soko angkoso, bakal katon menowo kekuatan spiritual kang telu mau sinambung ing garis lurus, soko lor, tengah tekan Kidul.

Soko sisih lor mulai Gunung Merapi, sambung Kraton Jogya sing dadi tonggak pusat spiritual, lan sambung mengidul tekan Segoro Kidul.

Mbah Marijan mesti sinebut dadi penunggu lan juru kuncine Merapi. Panjenengane iku makluk nyoto wong bioso kang andap asor duwe anak bojo, lan Urip ono deso Kinahrejo, Lereng Merapi sisih Kidul.

Kraton Jogya kang dadi tonggak spiritual, mesti dihubungake karo poro Sultan Sultan ing Ngayogyakarta.

Dene Nyi Roro Kidul iku sing mbaurekso lan njogo Segoro kidul. Nyi Roro Kidul iku cemburuan Ora gelem dikembari lan Ora seneng Karo wong2 sing nganggo piagem rupo Ijo, amargo piageme sang Nyi iku werno Ijo. Wis dadi pamali kanggo poro wisatawan sing pesiar menyang laut Kidul nganggo ageman werno Ijo ......iso mbebayani dadi larung ilang dipangan ombak Segoro andahane Nyi.

Jaman door stoot mbiyen, Sakdurunge akeh bangunan2 duwur ono Kuto Jogya, menowo ono wong kang ngadeg ono ngare pilar tengah Kraton ,lan nyawang mengalor, iso ndelok kepundan Merapi sing asring kebul kebul.

Jaman saiki, ngadeg ono ngarep pilar tengah Kraton nyawang ngalor, nyoba ngumbarake lan nglakoke pikiran, lakune pikir mengalor bakal nyusuri alun2 lor ono tengah Ringin Kurung kembar. Sisih kiwo ngadeg njegreg Mesjid Agung Kraton, lan sisih tengen ono gedung bioskop Sobo Harsono jejere warung sate Kambing pak Ahmad kang murah lan enak tenan ngiras dadi penitipan sepeda poro pamiarso bioskop.

Terus mengalor nyusur jalan Malioboro kang dadi pusat lan ikone Kuto Jogya, bakal nglewati gedung2 megah tinggalan jaman Belanda, gedung Bank Indonesia, gedung Kantor Pos.

Terus ngalor, Sisih kiwo ngadeg gedung Senisono pusat kreasi lan panggung seni Kuto Jogya . Jejere ngadeg megah istana Negara Gedung Agung. Seberange ono benteng Vredeburg kang jejeran Karo Pasar Bering Hardjo, pasar tradisional paling tuwo lan paling gede ing Jogya, dadi pusat blonjo aneko warno kebutuhan kang tansah regeng.

Terus ngalor sisih kiwo ono gedung bioskop Indra. Mlaku ngalor bakal nglewati hotel Mutiara, jejeran toko2 ; toko Ramai, Samijaya, toko batik Terang bulan, Mustika. Lan ing ujung sisih tengen Sakdurunge teteg sepur Tugu, ngadeg megah gedung kuno, hotel Garuda sing misuwur.

Nyebrang rel stasiun menowo menggok ngiwo bakal ketemu stasiun sepur Tugu , terus mengalor bakal nglewati gedung bioskop Ratih. Ngalor sitik ketemu Tugu Jogya kang terkenal ono tengah dalan. Terus ngalor mlebu jalan AM Sangaji , yen diterusake ngalor , laku pikir bakal mentok tekan gunung Merapi.

Hubungan spiritual Merapi lan Kraton iku ngalir nglewati pusat2 pemukiman lan keramean, pusat pamrentahan , kesenian kang nuwuhake pengaruh positif lan ugo negatif.

Dene Hubungan Kraton lan Segoro Kidul ugo muat mitos mitos lan crito sing luwih serem lan kebak werno. Ananging amargo lakune Kasmono bakal ngarah menyang Gunung Merapi, aliran lan hubungan energi Kraton Karo Segoro Kidul durung perlu diutek utek ing kene.

            ����������

Udan isih deres, langit peteng, bledek nyamber2 ing angkoso, Kasmono enggal nyengklak Daihatsu Samberlilin, lan perintah sopire mangkat ngebut, nuju Kaliurang.

Taft nglewati Tugu Jogya nyusuri jalan Sudirman mengetan . Ora sawetoro montor menggok ngiwo mlebu jalan C Simanjuntak, nglewati SMA 6 C , Depaster ( Depan Pasar Terban ). Taft terus ngalor mlebu tlatah Kampus UGM, Bulak Sumur.

Nglewat bangunan gede megah pusat aktivitas lan pemerintahan UGM. Gedung lantai 3 , paduan gaya Roman kuno lan Spanyol . Kanti pilar pilar pengkuh lan lengkung lengkung elegan, dadi pusat pandangan tlatah Bulak Sumbur kang Ijo rimbun lan Ombo.  Gedung iki ugo disebut ....Balairung.

Kasmono Ora sronto ngambali printah marang sopire, supoyo luwih cepet. Daihatsu njrantal kontring nglewati alas penelitian UGM, nyebrang Selokan Mataram, mlayu neruske laku ngalor nyusuri jalan Kaliurang.

Ing dino terang, nyusuri dalan iki mengalor bakal dadi wisata lan plesiran kanti Panorama kang endah.
Pucuk Merapi cetha welo welo koyo wong udut ngepul, peluke mbentuk diorama aneh aneh ing langit lor. Pesawahan Ijo royo royo kang subur ono kiwo tengen dalan. Wedus wedus lan Kebo kebo keliaran diumbar,  ditunggoni bocah bocah angon.

Ananging dino iki, gambaran endah iku Ora ketok. Si awang Mung peteng, udan deres, kairingi swara instrumen alam kang ngidap idapi ..... tintrim medeni.

Nglewati mbanteng dalan terus nanjak ngliuk ngiwo nengen. Daihatsu tetep Ngebut nembus Pakem, munggah luwih ndedel.

Sedela meneh Kasmono bakal tekan Kaliurang. Ananging rong kiloan sakdurunge Kaliurang, dalan ditutup rambu rambu larangan lewat, dijogo Polisi.

Kasmono mlumpat mudun nemoni Polisi disambut udan deres. Kasmono njaluk supoyo diidinke munggah Kaliurang , yen perlu kanti mlaku.

Polisi Ora ngidinke, malah penduduk sekitar kono wis mulai podo di evakuasi mudun. Kasmono ngrentep ngeyel tetep pingin munggah. Pak Polisi tetep Ora ngidinke, amargo hasil stasiun cuaca ing Plawangan ngetoke siaran yen Kaliurang lan sakitarane wis ditetapke zona bahaya 1. Ora ono wong kang oleh mlebu Kaliurang kajaba petugas evakuasi.

Kasmono kentekan akal, pupus asane, mikirke opo sing bakal dialami Linda ... bergidik.

Kasmono melu njogo dalan ing kono Karo Polisi tekan wayah maghrib, sopo ngerti alam dadi terang. Ananging alam tetep pamer wajahe kang angker, .......,peteng.

Sakbanjure Kasmono mudun balik Jogya kanti awak loyo lan perasaan khawatir Ora karuan, dino wis peteng, Adzan Maghrib kumandang ing langit peteng Kaliurang.

           ����������

Dino iki Jogya Padang njingglang. Srengenge sumunar terang, langit Jogya resik ngujiwat klimis koyo dandanan prawan kang lagi bali soko salon kecantikan.

Wis rong dino iki Kasmono mangu mangu, nunggu pekabaran soko Kaliurang. Ananging pawartane Kaliurang isih ditutup. Durung normal, ono kerusakan kerusakan ing Kaliurang. Kobongan alas lan lereng gunung, kewan ternak kang mati ,  ono macan kang mudun gunung, rombongan ketek mlebu kampung. Kaliurang isih gawat.

Esuk iku Kasmono wis ono kantor, sekretarise nompo telpon soko Kotabaru, ngabarake yen Beny adine Linda wis iso uwal , metu ninggalake Kaliurang.

Saiki Beny enggal kepingin ketemu Kasmono  , arep nyritakake lan mbeberke kedadean lan sripah ing Kaliurang.

    �������� candhake
[3:09PM, 3/10/2018] ‪+62 858-7832-1000‬: �� Rosa KasmoLin 17��

[3:14PM, 3/10/2018] ‪+62 858-7832-1000‬: ����Kasmono Linda 18 ����

Ing ndalan menyang Kotabaru, Kasmono isih kebak pitakonan, ono opo tembung sing ditekaake ing telpon mau  ....Sripah Kaliurang.

Lan ugo kenopo kang enggal pingin ketemu amung Beny, Linda ono endi ??
Kasmono rerekan lan mbatin sing ora2. Swara atine mbisiki, bilih sedelo maneh bakal nemoni pawarto lelayu. Kasmono Ora tahan, tangane  nlungkup nutupi rai

Tekan Kotabaru, Ora sronto Kasmono gage mudun soko montore, setengah mlayu mlebu plataran omahe Linda.

Ono ing ngarep lawang, ngadeg prio gede duwur, kulit terang. Iki mesti Beny adine Linda.
Beny mlaku metuki, ngruketi Kasmono Karo nangis ngguguk.

“ Linda wis Ora ono Kas “

Kasmono njegegreg lemes tanpo doyo. Otot Bayune kadya dilucuti, gitoke kekes koyo disoki banyu sumur gumuling. Tangane anyep, pikirane kotong. Mbrebes mili, Kasmono nuntun Beny lungguh ing ruang tamu.

Isih kelingan, wektu ing ruangan iki, pungkasan ketemu, Linda nesu lan Kasmono amung iso nyawang gegere Linda sing rodo kebukak sitik, ngilang ono lawang njero.

Kasmono banget banget gegetun, dene cepet temen Linda tinimbalan marang Gusti. Netrane blawur ketutup luh kang mrintik.

Kasmono nyoba netege ati, lan ngarih arih  Beny supoyo nyritaake kedadean ono Kaliurang.

          ����������

Telung jam luwih Beny nyritaake kabeh kedadean ono Kaliurang. Lan ugo mbabar rembug bab Linda kang ngagetake Kasmono .

Ngrungoke critane Beny, Kasmono gumun ora percoyo, koyo Weruh Jaran mabur ing langit.
Nanging Beny iku adine Linda. Miturut Beny deweke siji2 ne wong kang iso dipercoyo Linda, dadi sing dicritaake mesti opo anane. Mlenggong isih Ora percoyo opo sing dibabarake Beny, Kasmono banget kuciwo, lingsem lan goncang kalbune.

Nanging iki dadi mlebu nalar. Linda iku penulis, skenario, sutradara ugo dadi pelakune soko kabeh crito iki.

Sopo sakbenere sliramu iku Linda?

Ngglunuh nglokro, Kasmono pamitan. Beny ngiringi Kasmono lan Sepisan maneh njaluk ngapuro marang Kasmono sing dungkluk rumongso isin lan nesu Karo awake dewe.

            ����������
            ����������

Tekan omah dinas Baciro, Kasmono ngrangkul ngruket Miranti, nangis koyo bocah cilik. Miranti gumun nemoni bojone kang koyo wayang sengkleh ilang gapite, mentiung lan katon wagu.

Ono roso getun, kuciwo, isin lan roso salah ono dodone Kasmono.
“ Aku pancen wong ndeso kang lugu, bodo, pangendraku ora iso mahami opo kang ora kasirat, Linda Linda, dene kok kowe tego banget Karo aku “ batine Kasmono kelunto lunto.

          ����������

Kasmono nulisake ing buku hariane opo sing dicritaake Beny, ditambahi catetan
Catetan, ugo analisa analisa, mengkene risalahe Kasmono  ing buku hariane������

Sepurone yo, cerkakbung iki koyo Hotel nganggo ++, dadi isih disambung ing Candhake, episode 18 ++ suwun.
[3:14PM, 3/10/2018] ‪+62 858-7832-1000‬: �� Kasmono Linda 19 ��

Ing tengah wengi, perasaan isih campur aduk ; rumongso kuciwo, nglokro, isin lan ugo nesu, Kasmono nulis catetan dowo ono buku hariane , mengkene,

          ����������

Baciro, September 1980an,

Aku pancen wong bodo, Ora iso nangkep lan ngrasaake opo kang Ora kaucap.

Bengi iki aku nyerat catetan dowo minangka pangeling eling kanggo awakku dewe, supoyo aku luwih Wicaksono lan ora mbaleni nindaake pakarti kang bodo lan Ora perlu.

           ����������

“ Opo bener Ben, menowo Lindawati iku duwe krenteg dadi sisihanku sing nomor loro ? “ pitakonku marang Beny ing Kotabaru.

Krungu ujarku iku, Beny ngguyu sajak kepiye. Sanadyan ing suasana sedih iki, Beny Ora iso nahan geli ne, mesem mesaake marang aku.

“ Kas, opo awakmu lagi guyonan? sanyoto pancen bener omonge Linda , yen sliramu iku wong kang apik, polos malah naif” ujare Beny, lan nerusake

“ Linda Ora mungkin lan Ora pingin dadi bojomu Kas sing ke loro, iku tangeh lamun, ojo dadi atimu yo Kas, aku bakal crito kabeh opo anane, sing gede apuramu yo”

Kasmono mlongo krungu rembuge Beny, menowo ono bal bekel lewat iso kauntal Ora kroso.

Dadi perang batinku, dinesoni dinengke Karo Miranti, ngalamun ngalamunku ing larut wengi mikirke Linda sak suwe iki, Ora ono patrape, mung nglulu roso, jalaran salah songko, salah kiro, dinggo dolanan Karo Linda?

Terus musabab opo sing ndadeake crito iki dadi kedowo dowo?

Beny neruske ujare

“ Kas, sliramu iku dadi pion catur sing lagi dimainake Linda. Linda iku dudu wong jahat , ananging perlu peranmu kanggo nggayuh obsesine.

            ����������

Mulo bukane, awan iku Lindawati niliki ibune kang lagi gerah ing ndalem Jakarta Selatan. Beny isih manggon ono omah iki, dene Linda urip dewe ono omahe ing Jakarta Pusat.

Ora sengojo, Linda weruh proposal kang gemletak ono meja tengah. Proposal bab pengambil alihan perusahaan ing Jogya sing meh gulung kloso lan bangkrut .

Meruhi proposal iku, pasuryane Linda sumunar, mergo bab koyo Ngene iki bidange Linda sing mesti bakal nuwuhke minate.

Adrenaline ngalir kenceng. Ora mikir dowo, proposal kang keri Ora digowo romone menyang kantor iku dicangking Linda.

“ Tulung yo Ben diaturke Romo, proposal iki tak gowo” ujare Linda enteng Karo pamit mulih.

Rong ndino candhake, Beny di undang menyang omahe Linda.

“ Ben perusahaan iki kudu di ambil alih, prospeke isih apik, Ora suwe bakal untung maneh, menowo dipimpin wong sing tepat, Aku kepingin mimpin langsung perusahaan iki” ujare Linda sementrong ( semangat banget )

“ Kok Ora koyo biasane, awakmu sementrong banget Lin? “ Ujare Beny gumun.

Linda mesem nyolowadi.

Rong ndino iki, Lindawati kerja keras nliti, ngevaluasi , konfirmasi lan pungkasane nyimpulke, yen perusahaan iki layak lan prospektif diambil alih.

Kajobo ngevaluasi prospek, Linda ugo nliti karyawan perusahaan iku. Ono salah siji jeneng karyawan sing ngelingake marang masa remajane, jenenge Kasmono.

Linda penasaran, diteliti maneh jeneng iku lan konfirmasi marang pihak2 sing ngerti ........... aha bener iki Kasmono pacare jaman SMA mbiyen ono Solo, sing wis tau diseneni lan diusir soko ngomahe Karo Romone.

Praupane Linda berubah, mikir lan mesem misterius.

“ Kajobo ngambil alih perusahaan iki , aku ugo duwe rencana liyane Ben” ujare Linda marang Beny Karo mesem tipis.

“ Rencana liyo opo Lin?”

“ Romo “ ujare Linda Karo ngguyu lucu

        �� Candhake ��
[3:14PM, 3/10/2018] ‪+62 858-7832-1000‬: �� Kasmono Linda 20 ��

Wayah jam 11 bengi punjul, Kasmono metu soko ruang belajar. Nggawe soklat panas lan njupuk kletikan.

Wis antoro sak jam Kasmono nulis ono buku hariane. Dikancani Radio transistor mini battery loro, nyetel stasiun radio swasta.

Radio Reco Buntung wengi wengi muter lagu2 ne Bimbo, ngalun dayu dayu    
“ Melati dari Jayagiri “. Sedih banget, nambah Kekes atine Kasmono. Pindah stasiun Geronimo  lagu sing lagi hit ono Jogya
“ Antonio Song “ Michael Frank. Cocok rodo sigrak, Kasmono nerusake tulisane.

             ��������������������

Lindawati, sanadyan masa remajane rodo gembeng , ananging ono aliran getih kaningratan lan getih rasio liberal sing campur ono wadage, ndadeake Linda nduweni ego duwur, ulet , pikiran kang terbuka lan ngotot Ora kalahan.

Opa ne , wong Belanda asli sing biasa tumindak rasional, Romone ono mambu mambu getih Ningrat, Ora terang soko Mangkubumen utowo Kasunanan.

Linda iku cerdas lan dudu wong Kalahan. Iki kang ndadeake crito iki dadi dowo lan aku dadi bidak polos, ngrameake crito.

Menurut pituture Beny, Linda iku nyimpen loro ati kang dipendem marang Romone.

Linda rumongso soko remajane, Romone tansah nyampuri, ngatur lan ngarsiteki solah tindak, milih konco, minat lan uripe Linda.

Dilema getih campuran liberal lan Jowo , ndadeake Linda nyimpen lan nandur bibit musuhan marang Romone. Ono wektune Romone kudu tunduk, takluk, ngakoni kesalahan lan njaluk ngapuro marang Linda.

Linda dadi tansah bedo pendapat lan usreg karo Romone, ananging Linda tansah kalah, utowo dipekso kalah. Kanggone Linda iku mung kalah kang sakuntoro.

Srikandi tansah ajar manah, semono ugo Linda, Ora kendat nempa diri, mupuk modal kanggo ngalahake Romone sing wis sukses ing panguripan Bisnis, Sosial lan keluarga.

Menowo Analisa coro Jowo, congkrahe Linda lan Romone, iso amargo soko Ora cocoke weton kelahiran kalorone.

Wong kang wetone Wage yen kumpul marang  wong sing weton Paing, iku bakal tansah ndadeake congkrah, kudu ono penengahe wong sing weton Kliwon.

Ge Ing ( Wage paing ) bakal congkrah, amrih tentrem kudu ono Won ( Kliwon )

Dadi iso ugo, jalaran tansah congkrahe Linda Karo Romone amargo weton kang Ora cocok, dudu jalaran soko masalah campur tangan sing keluwihan soko Romone marang Linda.

Aku iso nyebut iki “ Linda Complex” tansah Ora cocok Karo opo wae sing dipanggawe Romone.

Linda Complex Kosok balene Karo kasus Oedipus Complex.

Coba nelaah maneh Crito Yunani kuno Oedipus, kang pisahan Karo wong tuwone soko isih cilik.

Ono ing pangemborone, Oedipus tansah mbayangake lan ngangen angen, nganggep wanito kang sampurno iku sing kadya ibune. Oedipus nduweni niat Ora bakal jejodohan menowo Ora ketemu marang wanodya sing koyo ibune.

Sangkuriang Dayang Sumbi iku crito Oedipus versi tanah Pasundan.

                ��������������������

Umpomo aku dadi juri festival film, Linda bakal tak ganjar piala Citra, berkat aktinge ono Jimbaran bengi iku.

Eseme, tangise , rembuge kebak penghayatan kang bakal ngecoh sopo wae kang ngadepi. Opo maneh aku, bekas pacare jaman SMA.

Beny nyritaake, bab kang banget nglarani Linda. Romone tansah nglarang kanti nyoto terus terang Linda sesrawungan opo maneh pacaran Karo pilihan atine.

Aku salah sijine, kang di usir Romone soko omahe Linda. Ono maneh pria pria liya kang dadi pacare kang ugo Ora diregani lan ditundung Romo.

Bab liya maneh kang njalari Linda mendem bibit Ora seneng marang Romone.

Bubar lulus SMA Linda pingin nerusake kuliah bidang seni; lukis, suara utawa seni film. Romone ngamuk lan netepke Linda kudu kuliah Ekonomi Bisnis, titik, Ora ono kompromi, Ora keno nolak. Kudu nerusake lan nggedeake perusahaan wong tuwane.

Isih akeh kang njalari Linda kuciwo marang Romone. Ananging jalaran siji iki kang nyebabake Linda Ora tahan.

      ��������Candhake��������

Tidak ada komentar:

Posting Komentar

Cerkak Prabandari Muridku

*Wacan jawa* *PRABANDARI MURIDKU* Jilid 1 Lagi setengah taun aku mulang SMA Negri Mblimbingsari. Ning rasane kok wis rumangsa srek lan se...