[5:36PM, 3/3/2018] +62 858-7832-1000: Yang dulu seneng baca cerita roman berbahasa Jawa, seperti karangan Ani Asmara. Ini saya copas-kan. Sugeng maos..
*Direktur Anyar.......*
(Bagian 1)
Perusahaan panggonane Kasmono nyambutgawe kahanane oling keterak krisis ekonomi sing ora rampung- rampung. Manut critane kanca- kanca bageyan keuangan, yen ora ana investor anyar mlebu, umure perusahaan mungkari ngetung wektu.
Kabeh dalan wis dicoba amrih pabrik ora gulung klasa, nanging ora ana tamba mujarab. Upama prau ngono, kahanane wis miring kaya kapal Titanic sadurunge kerem. Kabeh pegawe wiwit goreh lan sumelang.
" Yen perusahaan kerem, arep nyambutgawe menyang endi maneh? Wong jaman saiki golek gaweyan ya angel tenan." Ujare Kasmono.
Kanggone para pejabat manajeme, mbok menawa ora dadi perkara abot, jalaran tabungane wis akeh.
Kanggo pegawe ngisoram, gonjang- ganjing perusahaan kuwo kayadene kiyamat cilik. Wong gaji wulanan sing saiki ditampa wae mung pas- pasan kanggo mangan, kok malah ditambahi perkara perusahaan sing arep kukut.
Nanging seminggu candhake, ana kabar becik. Perusahaan ora sida kerem, jalaran ana investor saka Jakata sing gelem nuku perusahaan iku.
Sing gawe bungah maneh, kabeh pegawe tetep bisa nyambutgawe ing papan kono, kejaba para direktur kabeh diganti.
Ora suwe nuli dileksanani rapat perusahaan. Pak Steven minangka pihak sing nyuntik modhal anyar, arep nepungake direktur utama marang para staf pegawe. Krungu- krungu direktur anyar kuwi priyayi putri saka Jakarta, nanging asline saka Sala.
Kasmono sing uga diutus melu rapat, wis samapta ing ruwang rapat.
Pak Steven mlebu ruangan, nuli paring sesorah. Sakbanjure nepungake direktur anyar. "Direktur anyar iki asmane Bu Linda! Isih ponakanku dhewe."
"Ayo Lin mlebu ruwang kene" ujar pak Steven.
Nyawang priyayi putri sing lagi mlebu lawang kuwi.
Kasmono nratab saknalika. Kasmono mung ndomblong tanpa bisa kumecap. Kasmono ora pangling, Direktur anyar kuwi pranyata *Lindawati*, kancane sekolah jaman SMA ing Sala puluhan taun kepungkur. Linda kuwi ora mung kanca biyasa nanging tilas pacare.
ono candhake .......(bersambung)
.
[7:29PM, 3/3/2018] +62 858-7832-1000: Sambungan sing mau..
*Direktur Anyar....*
(Bagian ke-2)
" Tepungake aku Lindawati, direktur anyar ing perusahaan iki" ujare kanthi esem manis. Kabeh karyawan ing ruwangan kuwi disawang kanthi permana, klebu Kasmono. Nanging sajake Lindawati wis lali marang Kasmono.
Wanci Lindawati sesorah, pikirane Kasmono nglambrang adoh mentang sejarah puluhan tahun kepungkur. Isih kelingam, sakwise lulus Kasmono isih pingin tali katresnan, nanging bapake Linda ora sarujuk. Bapake Linda pingin calon mantune kudu trah ngaluhur lan wong pangkat.
Nalika sakmana, akeh priya bagus sing pengin mengku Lindawati. Ewosemono Linda malah milih Kasmono dadi pacare. Rupane Kasmono pancen ngganteng , nanging prasaja.
"Aku rumangsa adhem, ayem, yen ono kowe Kas", ujare Linda nalika kuwi.
Pungkasane sesambungan rasa sing karonce sajroning rong taun kuwi ambyar dadi sawalang- walang.
Linda kuliah ing Jakarta. Dene Kasmono nyambut gawe ing kutha iki. Kanthi ijasah SMA, Kasmono miwiti nyambut gawe saka trap paling ngisor.
Sakwise rampung sesorah, kabeh pegawe nuli salaman karo direktur anyar. Giliran Kasmono salaman, dheweke mung mesem, semono ugo Lindawari. Kasmono ora wani takon rena- rena. Linda katone ora nggatekake Kasmono.
Nganti lumaku sewulan. Kasmono ora nate rembugan karo direktur kuwi, kajaba yen diprentah.
"Ah wong dheweke direktur kok, mesthine rembugane ya karo bos- bos, ora karo ngisoran kaya aju iki," batine Kasmono.
Kasmono wis ngrumangsani dene kahanane wis beda adoh tinimbang puluhan taun kepungkur. Nalika semana dheweke pancen pacaran karo Linda, banginf saiki tilas pacare kuwi wis dadi bos. Kasmono ora bisa lancang ngajak ngobrol kaya biyen.
"Mesthine saiki dheweke wis urip kepenak karo bojone. Bojone Linda mesthi wong sugih.
Wong ibu direktur mesthine ya garwane level-le uga direktur," batine Kasmono.
Mula sing ditindakake ya mung kerja kanthi sengkud, ora perlu duwe pangangen- angen sing ora- ora.
Nganti sawijining sore, Kasmono diprentah Kepala Bagian Personalia supaya kerja lembur.
"Aneh. Biyasane sing lembur kuwi bagean prodhuksi utawa keuangan. Lha kok saiki aku sing lembur?" ujare Kasmono ing njero ati kanthi kebak pitakonan.
Sore kuwi kabeh pegawe ing ruwangane Kasmono wis podho bali, kajaba Kasmono sing isih sengkud makarya.
Dumadakan lawang ruwangan ana sing ndodhog. "Ya mlebu wae!" kandhane Kasmono.
Lawang mbukak alon. Kasmono nratab. Jebul bu direktur Lindawati sing mertamu ing ruwangan kuwi.
"Sugeng sonten bu. Punapa ingkang saged kula biyantu?" pitakone Kasmono.
"Halah karo tilas pacar kok ndadak nganggo basa krama,ta." ujare Linda. Mesthi wae Kasmono kaget krungu omongan kuwi.
ana candhake... sabar yo..
[8:32PM, 3/3/2018] +62 858-7832-1000: Sambungan cerita pendek bersambung
*Direktur Anyar.*
(Bagian ke-3)
"Kan pantes- pantese ngajeni atasan," kandhane Kasmono.
"Sing prentah sliramu lembur iki mau pancen aku. Wis suwe aku pengin omongan karo kowe Kas. Ning kowe sajak ora kenal aku. Mula tak gawe cara kaya ngene iki," Linda mesem.
"Nggih bu Direktur," kandhane Kasmono.
"E- ealah ora perlu direktur- direkturan. Undangen wae aku Linda mantan pacare Kasmono," ujare kanthi ngguyu.
Guyu tetep renyah sing ngangeni ora owah kaya jaman sekolah biyen.
"Seneng banget aku Kas ketemu kowe maneh. Aku isih kelingan nalika kowe mbopong aku waktu ing Kaliurang," bacute.
Ah nalika kuwi pancen kaya sinetron. Sewulan sakdurunge perpisahan, Linda dibopong Kasmono amarga sikile keseleo.
"Sakiki anakmu wis pira?" pitakone Linda mecah lamunane Kasmono.
"Bojo siji anak loro. Lha sliramu?" Kasmono balik takon.
Linda ora mangsuli. Dheweke nuli nyawang Kasmono. Praupane owah melankolis, .....katon sedih.
"Durung Kas. Aku durung omah- omah," ujare alon ....unjal ambegan....nuli meneng.
Kasmono dadi rumangsa salah, dene takon bab sing pribadi banget.
"Oh iya Kas, minggu ngarep sliramu bakal dak kirim melu pelatihan mesin industri ing Bali. Iki kabeh kanggo kemajuan perusahaan. Dakjaluk sliramu gelem" pratelane Lindawati. Kasmono mung bisa sendika dhawuh.
Seminggu candhake Kasmono sida budhal menyang Bali numpak montor mabur.
Sak umur- umur ya nembe iku lunga numpak pesawat terbang. Biasane mung numpak bis AC.
Ora mung kuwi sing gawe kaget, Kasmono ndomblong nalikane nyawang hotel panggonane nginep. Hotel bintang lima.
Kamare luks. Panganane cumepak sarwa enak lan enak banget. Menu Eropa, ayam betutu Bali, lan masakan Bali liyane sing kari nyiduk. Kasmono isih durung ngerti geneya dheweke oleh fasilitas mewah. Kasmono uga durung ngerti, ing papan ngendi bakal melu pelatihan mesin industri.
Welinge bagian personalia wingi, pokoke mas Kasmono kudu budhal. Dene papan pelatihan, bakal dijlentrehake sakwise tekan Bali. Wekasane bengi kuwi Kasmono bisa turu angler ing hotel super mewah kuwi.
Isuk dina candhake Kasmono wis sumadya sarapan ing ruwang makan hotel.
Sakwise nyiduk sega goreng spesial Bali lan njupuk juice. Kasmono enggal lungguh dhewekan ing meja makan paling pojok sinambi nonton TV sing lagi nyiyarake warta isuk.
Dumadakan ana swara wanita uluk salam "Piye Kas? Rak bisa turu angler ta?" ujare swara wanita kuwi. Mesthi wae Kasmono kaget saknalika. Bisa- bisane isuk kuwi Lindawati wis tekan Bali.
"Lho wis tekan kene?" pitakone Kasmono isih durung rampung kagete.
"Iya, iki mau langsung saka Bandara Ngurah Rai." kandhane Linda kanthi esem ngujiwat.
Wekasane Lindawati uga melu sarapan sakmeja dadi siji karo Kasmono.
Rampung mangan Lindawati ngelungi kapsul, "Ombenen amrih awakmu seger. Supaya dadi wong lanang sing prakosa" ujare Linda mesem.
Kapsul nuli diombe. Kasmono ngrasakake awak lan pikirane dadi seger trengginas kaya jaman enom.
"Dina iki aku duwe acara ing Tanah Lot. Sliramu gelem ta ngancani aku," kandhane Linda nanting.
ono chandake .........
[10:33PM, 3/3/2018] +62 858-7832-1000: Iki teruse crito wingi...ning pangapunten khasiate kapsul tak andarake neng temu darat wae yo...ngene
*Direktur Anyar.....*
(Bagian ke-4)
"Dina iki aku duwe acara ing Tanah Lot. Sliramu gelem ta ngancani aku," kandhane Linda nanting.
"Lha pelatihane kapan?" pitakone Kasmono.
"Bab pelatihan kuwi gampang. Kapan- kapan wae. Sing penting kowe saiku pelesiran karo aku," ujare Linda entheng.
" Gelem apa ora ngancani aku". Lindawati ngambali nanting.
"Iya - iya nek ngono. Aku gelem," wangsulane Kasmono.
Rampung mangan lelorone enggal budhal ngarah Tabanan numpak mobil sewan. Kasmono sing nyopiri.
Ing Tanah Lot, jebule acara Linda mung ngajak mlaku- mlaku ing pantai.
Wong loro runtang runtung, tangane Linda tansah cekelan Kasmono.
Swasane kaya ngene iki....aah...sarasa mbaleni maneh memori jaman SMA, nalika semana ing Parangtritis Jogya.
Bengine Lindawati ngajak mangan ing Jimbaran.
Meja mangan ing pinggir segara sing dipasangi lampu senthir cilik ndadekake kahanan mangan tambah romantis. Sing keprungu mung swara lirih .........
kebak pangalembana lan jumlegure ombak wengi segara kidul.
Langit kang kesaput mendung sing iso muntahke udan, alon-alon kintir angin sumilir biyak cahyaning bulan purnama.
Embuh sapa sing miwiti, sakloron dadi lungguh jejer nyawang suminaring rembulan.
Sakloron keseret kahanan sing romantis. Rerembukane tambah gayeng kaya tumbu oleh tutup,
Lindawati meneng sawatara nuli bola- bali unjal ambegan dawa.
Kasmono mratelani yen Lindawati arep ngudar wicara.
Kasmono ora cemuwit, batine terus zikir La hawla wala quwata illa billah.
Linda nyekel tangane Kasmono, nuli nyawang Kasmono kanthi panyawang sing aneh.
"Kas, sak wise tak onceki solah bawane lan potensi kabeh pegawai kanggo majokne perusahaan aku njaluk tulung kowe. Aku pengin kowe dadi Wakil Direkturku. Sak wise tak timbang- timbang mung kowe sing bisa dakpercaya. Mengko aku sing ngatur," ujare Lindawati.
Kasmono meneng ora bisa kumecap lan pikirane isih ngalembana penake dadi Wakil Direktur.
"Nanging ana syarate. Kowe kudu gelem dadi bojoku," bacute tantingan Linda kanthi mesem nggoda ati.
*Dheg!* Kasmono kaget kaya disamber bledeg.
"Kowe ora perlu pegatan karo bojomu. Dadekna aku bojomu sing kaloro," kandhane Lindawati nrocos tanpa mandheg.
"Sajatine tresnaku tetep mung kanggo kowe. Mataun- taun tetep thukul ngrembaka. Atiku krasa adhem ing sisihmu" Linda jangkepi tantingan.
Kasmono mlenggong.....tantingane Linda dadekno isine sirah arepe pecah.
Pikirane mosak- masik, ruwet, niat nolak lan ngiyani tantingan Lindawati gonta- ganti ngobrak- abrik akal lan batine Kasmono.
Dheg2 ........candhakipun benjang dipun lajengaken nggih ..
[3:27PM, 3/4/2018] +62 858-7832-1000: Teruse.. Direktur anyar ( episode 5 )
Kasmono isih meneng kami tenggengen dene ngrasak ngrasaake opo pengucapan lan tantingane Lindawati. Kasmono njiwit tangane dewe, mesteke yen iki dudu mung ngimpi kesoren. Kasmono gragapan bareng krungu maneh pitakone Linda, “ piye Kas kowe gelem ora dadi wakil Direktur lan dadi bojoku?”
Atine Kasmono gronjalan, campuran roso bangga gumbede lan ciut keweden marang putusan Sing kudu bakal diomongke. Kasmono ngunjal ambegan, pikirane kumlayang kelingan bojone Miranti ono ngomah karo batenane loro sing lucu lucu. Ragile sing lagi blajaran mlaku alon2, mbarepe sing mulai sekolah TK. Sing wis podo niroke solah lan cicicuwite gambar iklan Telivisi.
Kelingan iku mau ngerem pangucap kang bakal ucul soko latine Kasmono. Atine tambah deg2an, kringet anyep nritik ono batuke ing tengah sumilir wengi pesisir Jimbaran.
Koyo perang kobar ono jroning dodone Kasmono. Atine kobong lan anyes ing podo wektu. Isih oleh plenggongan Kasmono durung iso ngomong opo2.
Dumadakan sinar mbulan tibo ngenani praupane Linda kang resik putih, dadeke Linda koyo widodari sing tumurun ono pesisir Jimbaran. Gumbregah nyawang praeane Linda, Kasmono tukul kawanenan lan kamantepan yen bakal iso nggawe katresnan marang Lindawati lan Miranti bojone.
Kasmono nyedaki Linda nyekel tangane lan bakal ngucapke kasanggupane bakal jejodohan....
Wee ee, ono candake ??
[7:22PM, 3/4/2018] +62 858-7832-1000: Timbangane ditakoni terus, episode roman Linda Kasmono njedul maneh
Direktur Anyar ( episode 6)
Sakdurunge Kasmono ngucap opo sing dadi krentege atine, Ora nyongko2 keprungu Bledeg nyamber2 langit biru Jimbaran kang rinonce Mbulan purnomo. Ora sadar Cekelan tangane Kasmono ucul soko lengene Linda.
Suarane ora amung ngagetake wong2 kang lagi podo mangi ( mangan bengi ) ono kono, ananging ugo koyo pecut geni sing nyabet atine Kasmono. Kasmono gragapan, roso klimpungan koyo wong minum ciu kokehan, ...mendem.
Kasmono koyo di eling ke tumrap opo Sing arep di janjeke , bakal amikul risiko sing Ora cilik,Ora enteng. Ora nuwusake Tentrem kajobo Malah bakal ngeboti lan nyikso urip lan panguripane.
Kasmono unjal ambegan... Astafigrullah, Astafigrullah, Gusti Allah nyuwun pepadang, nyuwun petunjuk.
Kasmono meneng sawetoro, ... dumadakan pleng ...ono kisikan mlebu alam pikirane opo Sing dirasake lan opo Sing kudu diomongke;
“ Lin, aku rumongso bungah lan bangga, geneyo seliramu anggateake kemampuanku lan menehi dalan kanggo karier panggaweyanku ...
“ Terus bab jejodoan kepiye putusanmu?” Lindawati mungkas rembuke Kasmono.
Kasmono gragapan lan glagepan dipotong rembuke Karo Lindawati Direkture.
Ananging gandeng iki tumrap bab kang penting banget, Kasmono netepke ati, kanti sayu rodo memelas Kasmono mratelaake marang Linda,
“ Lin, aku rumongso ati iki ke angkat sundul langit, aku ora nolak ananging aku kudu tetaren karo sisihanku disik bab iki. Aku njaluk wektu seminggu kanggo netepke, lan aku bakal jujur marang Miranti bojoku ugo marang sliramu”
Kasmono unjal ambegan, rumongso rodo lego wis nguntapake opo Sing dadi perkoleh guncange roso.
Ananging Kasmono ambal maneh goyah pikirane.. bareng nyawang praupane Linda. Oh Lindawati , ono bintik2 embun Luh Sing ndlewer ing pipine kang alus resik kinoyo mutioro kang angglundung angujiwat sopo wae.
Kasmono gemeter geter, ndrodok, kemriwil driji2ne, anyep tlapakan lan glagapan gulune koyo ditekak tangan sing ora katon moto. Hananging bledek isih makantar kantar ing langit blawu kecu biru.
Eling Kas, Eling.......swara atine ngetuk2 kenceng... ( tutuge sesuk )
[9:26PM, 3/4/2018] +62 858-7832-1000: DIREKTUR ANYAR Seri 7..
Kembang kempis dodone Kasmono, nunggu opo kang bakal diucapake Linda.
Opo Linda Bakal murko, utowo ngidini panjaluke. Kasmono geter nyaline.
Lindawati njingkat alon, nyawang Segoro gemebyur ing pesisir Jimbaran. Nuli kanti suara alus lan sareh semaut marang Kasmono;
“ Yo wis aku iso ngrasakake opo sing kok rasake, geneyo mesti abot kanggoku, aku wong Wadon sumawono wani grusa grusu nanting awakmu priyo kang wis duwe sisihan lan momongan tumrap babakan sing ora gampang iki. Aku njaluk pangapuramu Kas. ........... ... Ananging Kas , putusanmu tumrap bab iki pancen wigati banget kanggoku. Aku nunggu opo sing bakal dadi krenteke atimu ing wanci seminggu iki “
Ujar mengkono Lindawati karo ngusap usap luhe sing isih nrocros terus soko netrane.
Kasmono lego keprungu opo Sing dijlentrehake Linda. Seminggu iki bakal dadi wektu kang abot, nyikso lan nguji kasanggupane mutusake opo sing paling becik kanggo anak bojone, kanggo Lindawati lan tumrap Kasmono dewe.
Esuke Linda mabur bali menyang Ngayogyakarta. Dene Kasmono bakal melu pelatihan 3 dino ono pulau Dewata Bali.
—- ,,, —
Esuk iku, Kasmono sarapan ono teras restoran, nyingkiri kerumunan poro tamu Hotel kang rame sarapan ono njero ruangan.
Lungguh dewekan, Kasmono isih ngungun, geneyo bejo kemayangan lan nyolong petek temen, si Kasmono lulusan SMA, pegawai biasa wis keluargo, iso ditresnani karo direktur Ayu sing isih single, sugih, sarjana, pinter lan apik atine.
... Kasmono mbatin, Takdir opo sing bakal tak tompo iki,
Penggawe apik opo sing wis tau tak lakoni dene aku dibales kanugrahan kang durung tau tak impeke ing rino wengi uripku.
Kasmono ora ketemu jawab sing nemu nalar.
Tutuge sesuk....
[10:14PM, 3/4/2018] +62 858-7832-1000: ## Ongko 8 ##
Mabur balik maneh menyang Ngayogyakarto, Kasmono teklak tekluk ono njero pesawat rodo sayah.
Telung ndino melu pelatihan lan sinau banding marang poro pengusaha ing seantero Bali, akeh banget pigunane kanggo ngasah kelandepan ilmu dalah praktik menejemen lan kepemimpinan.
Piwulang sukses, piwulang gagal, kabeh diserap Kasmono kanti serius , awit iki penting banget kanggo bekal niate majoke lan nggedeke perusahaane.
Kajobo sinau banding, rombongan peserta ugo plesiran ono Ubud kang elok
pemandangan alame, indah kesenian lan kerajinane. Nyawang teras teras pesawahan kang ijo royo2 adem ayem makmur, Kasmono bayangake lan niatake ing liyo wektu kudu ngambali maneh mlaku2 ing kene karo anak bojone.
Rombongan ugo njelajahi pantai Sanur kang misuwur lan endah, mampir omah seni Antonio Blanco pelukis asal Spanyol sing jejodohan karo gadis Bali, Ni Polok.
Neruske laku nelusuri Pantai Kuta sing isih sepi, jarene poro pengusaha ngramalake yen tembe nburine tlatah Kuta bakal moncer kanggo bisnis lan tujuan wisata.
Sunset, olah raga banyu, pasir lan pernak pernik kerajinan bakal dadi andalane.
Pembimbinge pelatihan karo guyon nyaranke, yen ono duwit , saiki wektune diinvestaseke ono pantai Kuta sing rego lemahe isih murah banget.
Kasmono ora nggagas, tingkatane deweke isih mbiayai panguripane sedino dino, durung ono pikiran utowo kemampuan usaha lan Investasi.
Iso mikir Investasi iku Umpamane wae Lindawati ..... ah Kasmono ora wani neruske klambrangan pikirane.
-/:;($)&@“
Njenggirat Kasmono kaget tangi soko turune, keprungu pengumuman pramugari, sedelo maneh pesawat wis arep mendarat ono bandara Adi Sutjipto Ngayogyokarto.
Mbuh soko ngendi asale, dumadakan Kasmono kroso anyep gegere, dodone dhag dheg dhag dheg luwih kenceng. Pikirane oleng, perasaane kintir ora ono cekelan opo kang bakal diomongake mengko marang Miranti bab tantingane Lindawati.
Kasmono koyo mubeng ono tong setan, mumet lan ora ngerti tujuane.
Sak durunge wayah isa, Kasmono mudun soko montor otto penjemput pas ono ngarep omahe.
Mangu2 lan ragu2 Kasmono mlangkah alon2 lan nyawangi omahe sing cilik nanging asri. Iso duwe omah kreditan iki kanti perjuangan ngirit irit pawetu ,jalaran soko pintere Miranti nggulo wentah lan ngento ento penghasilane sing mung pas pasan.
Grag greg grag greg, Kasmono kemringet, batuke nyengkerut, atine ciut.
Ngadek Ono ngarep lawang, sakdurunge uluk salam, Kasmono keprungu celotehan rame anake soko njero omah. Sworo sworo gembira, murni, celotehan kang ora nanggung beban, ora ono prasongko becik utowo prasongko olo. Hamung lucu lan nyenengake.
,,, Kasmono surut langkah, mbrebes mili ,,,
.. ono candhake, meh rampung ..
[3:37PM, 3/5/2018] +62 858-7832-1000: &&&???@@@
“Ongko songo”
Sakdurunge Kasmono ngetok lawang, Miranti wis metungul mbukak lawang . Kasmono nratap. Rupo sawo mateng manis iku kebak esem bungah polos, klontangan anak loro2 ne ngintil ono mburine ibune.
“ Jebule mase to, Alhamdulillah wis tekan omah, iki wis podo kangen je, kok pipine teles?” Ujare Miranti sumringah karo nggateke pipine bojone.
“ iyo iyo, iki mau kegremisan, piye rak yo podo andum slamet kabeh to ? “ wangsulane Kasmono ora yakin karo ngusap usap pipine.
“ yo yo kabeh podo sehat, ayo mas kono ndang siram tak cepakke daharane, pingin ndang krungu critane numpak montor ibur lan kaendahane pulau Bali “
———-/———-
Bubar mbukak oleh2 sing komplit kanggo bojo lan anak2e, Kasmono crito nggedubrus marang bojone bab montor mabur, bab pentinge pelatihane ugo kaendahan pulau Bali, kelalen bab Lindawati.
Kasmono mbeo omongane instruktur pelatihane, yen Bali iku The most exotic Island In the World. Miranti mantuk2 ketok ngerti ning sajake ora patio mudeng opo sing diarani The most the most mau.
Tengah wengi, anak bojone wis podo istirahat, Kasmono isih klisikan, glimpang glimpung ora iso turu.
Awake wis kesel sayah tenan, ananging pikirane keganggu maneh isih muter semrawut. Mikir kapan lan piye carane ngudarake niate rabi maneh karo Lindawati.
Gluyuran, Kasmono mbukak lawang lungguh sepi ing teras sempit omahe. Howo anyes tengah wengi ing teras mbukak pikirane rodo bening.
Ndongak, nyawang langit kang biru kecu kanti bulan sabit lan kemepyar ewonan lintang ing angkoso ratri, ndadeke Kasmono rungon 2en sayup2 gending “ Yen ing Tawang ono Lintang “
Gending kang crito lan nyemoni wiyunge , kekangenan lan pengarepan priyo marang sawijining wanodya.
Kasmono ngerti banget langgam iki karo terus ngonceki isi jroning atine, lan mitakoni marang awake dewe ;
“ opo bener ing wektu iki, yen katresnane marang Lindawati bener tulus akoyo katresnane sepuluh tahun kepungkur? “
Setengah atine Kasmono kisiki”iki pancen bener Kas “
Setengah ati liyane geguyu
@ tresnamu mung mergo iming2 kowe arep diangkat dadi wakil Direktur , utowo mergo sentimentilmu, roso welasmu wae marang Linda sing isih single, kuwi jenenge Ora tulus Kas , dudu katresnan asli @
Kasmono ngunjal ambegan nrawang langit, meruhi bulan sabit Sing tambah padang .
Dumadakan ing angkoso ono ledut Ireng, ngemperi
endas buto Sing mangap, terus nguntal bulan sabit Sing tambah Padang mau.
Koyo ono Sing nguncali watu, Swasono atine Kasmono berubah,soko swasono Yen ing tawang ono lintang brubah dadi roso crito
“ Pungguk merindukan Bulan “
Crito bab pamrihe manuk Pungguk Sing mingini mgrabeni bulan ing langit kang duwur. Babakan Sing muskil nglawan hukum alam lan rumus fisika.
Kasmono gedeg2, ora nyono bab Sing wingi ketoke gampang dadi ruwet makan tenogo, pikiran lan perasaane.
Kasmono dadi kelingan ajaran swargi bapake , yen urip bebrayan iku kanggo ne wong lanang ono rong bab sing paling utomo, yaiku bab tanggung jawab lan paugeran kasetyan .
Durung nganti Kasmono ngrenungi opo jalaran dene kok Tanggung jawab disebut luwih disik timbangane Kasetyan , Kasmono kaget njingkat keprungu jerit tangise anake soko jero omah.
tutuge
[12:13PM, 3/6/2018] +62 858-7832-1000: “10 Kaping Sepuluh 10”
Kasmono ngangkat anake Sing cilik kang lagi nangis magep magep, mripate kriyip kriyip, luhe dleweran kekejer.
Anake sing mbarep turu nglipus ono sisihe, ora keganggu kejer tangise adine , tetep turu angler koyo lakune skuter Vespa Made In Italy ono dalan aspal.
Nggendong anake, Kasmono mlebu kamar arep nggugah Miranti . Ananging Miranti yo turu angler , praeane tentrem , malah keporo ketok rodo mesem.
Kasmono ora tego nggugah bojone sing lagi ngemboro ing alam liyo, alam nendro.
Kasmono ngrasakake panas ing awake anake . Kelingan ajarane swargi ibune ........ yen bocah cilik surem surem panas, yen arep ngobati kanti ngurangi panase bukaken klambine , klambimu yo bukaken , gendongen dodo wudo ketemu dodo wudo. Howo panas bakal ngalir soko awak sing panas nuju sing normal......
Ajaran Almarhumah ibu iku Rumus fisika biasa, dudu ajaran Klenik, mlebu akal.
Kasmono bukak klambi, ugo mbukak klambine anake terus ngangkat ing dodone. Kasmono kaget ngrasaake howo anget panas ngalir mlebu dodone. Awake kroso greng. Howo anget iku terus mbanjiri dodone Kasmono.
Dene bocahe wis rodo tenang , isih nangis lirih ora magep magep maneh. Kasmono nyawang rupane anake Sing isih kebak luh.
Dumadakan anake mbukak mripat, ganti nyawang Kasmono . Kesorot lampu bolam plentong 10 watt kang temaram, sorot mata anake koyo berubah. Koyo sorot kang nuduh setengah Ngenyek marang Kasmono.
“” Kas kas, lagi nangani anakmu Sing mung panas wae kowe wis mbingungi, panik, opo meneh kowe arep rabi maneh, bojo loro, ngloroke bojomu Miranti kang tansah gemati setya marang awakmu.
Opo donyamu ora bakal jlugrug ? Elingen tanggung jawab sing bakal kok pikul.
Kas... Kas eling eling “”””
Kasmono jegrig gitoke , koyo ono makluk gaib kang ngelus gulune, gawe miris atine, nrotol sikile, kriwilan drijine.
Kasmono unjal ambengan. Nyawang anake sing wis turu meneh, wis anyep awake , lan lambene sing ciut mungil koyo mesem ngece.
((((()))))
Kasmono nuroake maneh anake ing kamare. Awake isih kroso panas nampani pasokan howo anget soko dodone bocahe. Jam dinding nunjuke ongko 3 , wis jam telu esuk iki batine.
Kasmono mlangkah nuju gentong gede Sing diwenehi pancuran ing mburi omah, panggonan wudhlu. Kasmono mbrebes mili jupuk banyu Wudhlu. Arep nindakake Sholat wengi. Kroso anyes tlapakan tangane koyo keno banyu embun, Kasmono ilang ngantuke lan rumongso tenang . Aku kudu nindaake Sholat Istikharah, batine Kasmono.
...............,,,,,,
Sholat Istikharah salah siji sholat sunnah sing biasane ditindaake ing lingsir wengi, nganti wanci sakdurunge sholat wajib Subuh.
Sholat istikharah iku sholat panjalukan marang Gusti Allah tumrap ngadepi 2 pilihan Halal kang sulit . Sulit bab manfaat lan mudarate ing nembe mburine.
Sholat sunnah ing wengi kajaba Istikharah sing biasa ditindaake, yaiku sholat Tahajjud, sholat kanggo nyedaake diri marang Gusti kang murbeng Dumadi. Ugo Sholat Hajat, yaiku sholat panjalukan marang Gusti Allah kanggo hajat hajat sing pingin kalaksanan.
Donga bubar sholat istikharah, “ ya Allah kawula hamba ingkang alit tanpo doyo, ingkang nyenyuwun peparing dalah pituduh kanti ilmu lan kawicaksanan Gusti ...... lan sateruse “
Isih tawakur sakuwise sholat istikharah, Kasmono lungguh ing sajadah empuk oleh oleh soko Mekah Arab.
Dedonga khusuk lan mbrabak nangis, Kasmono takzim nganti keturon ing lungguhe.
@@@@&&&&
Gembrembyeng, koyo swara wong kang kemruyuk kabeh podo rembukan, Kasmono koyo kroso sirahe ditabok karo ono swara “ Ora ora Ora “
Sepisan maneh sirahe koyo ditabok . Isih liyep liyep Kasmono tangi ing lungguhe lan sayup sayup krungu kumandang Adzan Subuh ing gegono kampung Pengok Ngayogyokarto. Kasmono glagapan.
&&&& ????
Kasmono deleg deleg nanging mantep atine. Wis ono pituduh soko Gusti, sholat Istikharah wis kejawab. Ora ono bimbang maneh, Ora perlu ono grag greg maneh, dino iki ugo aku kudu enggal sowan marang Lindawati lan terus terang kudu ngudarake yen deweke Ora sanggup nompo kanugrahan bebrayan Karo Lindawati .
(((((((()))))))
ono candake dilit meneh
[6:46PM, 3/6/2018] +62 858-7832-1000: “ Bagian Sewelas “
Dino minggu, wulan Juli tahun 1980 an.
Esuk iku Kasmono tangi kanti awak lan roso kang seger . Turune Kiro2 mung sak jam luwih sitik, nanging papesten langkah lan tujuan sing bakal dijalani dino iki, turune sing mung sedelo ndadeke awake seger buger, pikiran padang. Wis jelas opo kang bakal diomongake marang Lindawati, siap nanggung risikone. Ora sido dadi wakil Direktur opo malah yen pancen arep dipecat Kasmono bakal nompo kanti lego lilo.
Mikir umyeke perasaane bengi mau Kasmono ngguyu dewe . Dadi kelingan lakon2 wayang wong “ Gatotkoco Gandrung “; “ Srikandi Edan “ ; “ Lesmono Wuyung “, ah ..,.... aku koyo cah cilik Sing akeh kepinginan.
Ing mejo dahar wis cemepak sego putih kemebul. Lawuh sarapane sambel lethok karemane, kuah tempe lentrek lentrek Sing duwure disawur thokolan. Cemepak ugo tempe gembus coklat bentuk segitiga. Tambah nyuss maneh dilengkapi sak lodong karak beras sing rodo rodo gosong.
This is truly great Sarapan.
......!!!!!.......
Nganggo Honda CB 100 cet putih, Kasmono nyusuri komplek PJKA Pengok. Wit2an tuwo duwur2 lan rimbun ing pinggiran sakdowo dalan , nutupi wajahe Kasmono sing ora nganggo helm soko sengatan Sengenge jam 10 esuk, sing mulai munggah lan panas.
Mlebu Bunderan Kridosono, Kasmono noleh mengiwo deloki gedung ing pojokan kang akeh antenene. Iku kantor studio radio swasta EMC. Kasmono mesem kelingan salah satu acara radio EMC sing dadi favorite lan dadi kancane sinau pendak bengi ono kos2an.
Siaran senenganku sing dimulai jam 11 bengi judule
“ Menyusuri jurang malam “
Penyiare suarane ngebass serak2 berat. Kutipan2 kata2 mutiara bertaburan, terus diputer lagu2 slow sing Sendu sendu. Sok2 marai nggrantes.
Salah siji penyanyi favoritku sing lagu2ne kerep diputer ing tengah wengi yaiku Nana Mouskuri, yen Ora salah penyanyi Yunani.
Suarane sing mowo vibrasi sitik marahi merinding ono tengah wengi, lagune koyo to “ Try To Remember “ “ Plaisir damor “ “ Serenade Schubert “, coba saiki rungokno, piye perasaanmu.
Ngubengi Kridosono , ono ngarep gedung SMA 3 B, Honda CB menggok ngiwo ngalor. Nglewati Stadion Kridosono, Kasmono kelingan akeh kenangan sing dialami ono stadion iki.
Ono bakso Kridosono sing Legendaris banget, kuah dicampur tahu goreng pong, kebak sayur, baksone gede, yen pingin nangis kari nyendok Sambel sing rodo akeh. Nyuss lan ngangeni.
Njero Komplek stadion ugo ono kolam renang sing jenenge “ Umbang Tirto “ Goro2 kolam renang iku Kasmono wis tau rumongso ke gr an, gede endase. Jaman SMA, guru olah ragane 2 minggu pisan ngajak murid2 sak kelase renang ono kune. Renang sore iku Kasmono lagi nyilem ono ngisor banyu, krungu dirasani kerumunan konco2 ne wedok wedok . Ono sing ngomongi “ “Kasmono iku ganteng yo, pinter meneh, sopan banget, sayang isinan , tur kuper “ Krungu rasanan iku, Kasmono nglangi ngadoh, lagi njedul ing kadohan. Rodo GR, nanging nambah kepercayaan diri.
Ugo ono Kridosono, Kasmono ngasah roso lan daya senine , kanti nonton pertunjukan2 musik, theatre.
Sanadyan duwit sangune ngrantau pas2 an, nanging tetep disisih sisihke kanggo ndelok pertunjukan kesenian.
Wis tau nonton pertunjukane Koes Plus ping loro. Terkesan banget karo gaya lan rambut gondrong tahun 70 an clono cut bray , vokalis utama Yon Koeswoyo sing lincah, Yok bassis andal lan pasti Tony kang kocak, komendan lan dadi rohe grup band Koes Plus. Ora lali ugo Mury sing rodo nylekutem, ning nggebuke drum bag beg bag beg beg mantep .
Nonton Bengkel Theatree WS Rendra ono Kridosono iku kenangan paling inspiratif. Lucu, dramatis, lan nggugah semangat .
Kelingan lakon2
“ Mastodon dan Burung Condor “ , “ Sekda “ , “ Macbeth sang Radja “ ; “ Oedipus De Colonus “ ugo sing penuh drama herois lakon “Perjuangan Suku Naga “
Ah. , kenangan SMA iku pancen kenangan terindah, wektu iku Kasmono lagi sambung katresnan lan wuyung wuyunge karo Lindawati.
Bareng menggok ngiwo, Ora sawetoro Honda CB pindah perseneling minggok ngiwo maneh.
Iki komplek perumahan Kotabaru Jogya, kang omahe gede2, magrong2. Lindawati manggon ing salah Siji omah kono karo poro pembantu lan sopire.
Dene wong tuwane lenggahe ono Jakarta.
Kasmono rodo kebablasen, jingglang jinggleng terus ngenggoke motore, karo ngamati nomer2 omah sing dilewati.
Ono ngarep omah gede cet putih, kanti pelataran ombo kang asri Kasmono mandek.
Markir motore ono ngarep gerbang omah. Kasmono mbatin , iki omahe Lindawati gede banget bedo karo omahku ono Pengok.
Omahe Lindawati ketok yen struture model Belanda, ananging rupo Jowo. Temboke kandel lan duwur, kanti listplang lan gendeng gaya Jowo.
Rodo minggring minggring Kasmono nglangkah mlebu Pelataran. Isih rodo ngalamun, ngerti2 Kasmono wis disekecake karo pembantu sing mbukak lawang, kon lungguh ono kamar tamu, nunggu Linda.
Ruang tamu gede, kanti perabotan sing gede ugo lan mewah . Kasmono mblesek ono kayu ukir Jepara, awake koyo susut dadi seperlimo.
Isih sawetoro wetu Linda durung njedul. Kasmono nyawang foto gede hitam putih Sing di pajang ono ruang tamu. Katon gambare Linda remaja karo bocah lanang remaja, kinapit wong wedok loro lan prio loro.
“ e Kas wis suwe nunggu rodo suwe yo “ Linda muncul soko lawang njero,kanti keanggunan tuan putri, wajahe sumringah kanti ngguyu renyah.
... candhake sitik meneh ....
[11:21AM, 3/7/2018] +62 858-7832-1000: Rosa KasmoLin 12 ⭐
( Romansa Kasmono Linda )
Linda lungguh kursi ing ngarepe Kasmono. Nggateke Kasmono kang mau nyawang foto sing dipajang ono tembok.
“ Kuwi foto keluarga ku Kas, kuwi aku, jejerku adiku Beny
“ Ibu Sing koyo bule iku sopo Lin?
“ O iku ibuku, ibuku pancen Indo, opaku asli Belanda, kuwi sing gambare ono mburi. Yen yangti ku wong Jowo sing merantau ono sekitar Medan dadi staf Keuangan perusahaan perkebunan . Opaku mbiyen pengawas perkebunan iku, ketemu yangtiku, terus di bojo “
“ Oh ngono to, yen sing koyo bintang film iku romomu wektu enom yo?
Lindawati rodo mencep sitik. Kelingan wektu isih podo ono Solo Romone wis tau ngusir soko omahe.
“ Iyo, opo kowe wis lali, mbiyen wis tau ketemu to “
“ Iyo, bedo banget Karo gambare, yen romomu asli Solo yo, getih biru ?
Lindawati ngguyu nggemeske,
“ yo asli Solo, ning getihe getih Pelangi, campuran macem2, iki ngomong2 dino minggu kok magito gito, opo ono sing penting banget Kas?”
Kasmono rodo kaget, ndelok Linda Katon biasa biasa wae. Opo Linda wis lali Karo Tantingan sing diudarke ono pantai Jimbaran limang dino kepungkur? Kasmono mbatin.
Nanging Kasmono wis bulat kudu ngudarake jawaban sing wis dijanjeke marang Lindawati.
“ Nuwun sewu Lin aku arep matur bab hm ... hm tantinganmu ono Jimbaran 5 dino kepungkur “ Ature Kasmono lirih , wedi2 koyo mung gemremeng.
Linda rodo dangak krungu opo sing diucapke Kasmono. Praupane dadi kaku, Sorot netrane mengkilat mbebayani. Ananging mung sedelo, wajah lan sorot netrane wis bali biasa maneh. Kanti enteng Linda mangsuli.
“ Piye Kas jawabmu ..... gelem to ngrabi aku?”
Kasmono sesek dodone, ugag ugeg kangelan ngetoke opo kang arep diomongke.
Nanging sanadyan ora runtut , Kasmono iso ngaturke yen deweke ngroso ora pantes lan ora sanggup mikul tanggung jawab duwe bojo loro. Kanti alus Kasmono nolak tantingane Linda, dudu amargo Kasmono ora sayang karo Linda, ananging amargo ora sanggupe mikul tanggung jawab lan keadilan sing kudu diterapke ono rumah tanggane.
Bubar medarke opo sing dadi ganjelan atine, Kasmono lego nanging ugo rodo wedi nunggu tanggapane Linda.
Linda ora semaut, pandangane nerawang, terus noleh nyawang Kasmono. Sorot netrane koyo ngungkapake roso campur aduk; nesu, kasian, nglokro lan putus asa.
Nyutt, ndadak Lindawati ngadek, sepisan maneh nyawang Kasmono, terus mbalik mlebu lawang njero, tanpo ono pangucape.
Kasmono blangkemen, Ora iso omong opo opo, lambene koyo rapet diplester.
Kasmono mung iso nyawang gegere Lindawati Sing ngilang ono lawang njero.
Kurang luwih 10 menit Kasmono nunggu dewekan kanti roso gonjang ganjing, Linda ora metu metu.
Sing metungul malah pembantune, kanti terus terang ngaturke supoyo Kasmono bali, uwal soko omah iku.
“ Bu Linda radi kesayahan pak, enjing wau kekatahan olah raga, monggo diunjuk malih teh ipun, mbenjing pepanggihan malih kalian ibu wonten kantor”
Kasmono suntrut nyetater CB ne, ninggalke omahe Linda, perasaane gundah, kecewa lan ugo rodo khawatir.
Kasmono dadi kelingan, jaman deweke munggah kelas telu SMA ing Solo, terus arep pindah ono SMA Jogya amargo sinambi arep melu Bimbingan test Skalu.
Kasmono pingin mlebu fakultas Kedokteran UGM.
Wektu iku kanti ndelik ndelik soko romone, Lindawati teko ono stasiun mbalapan Solo.
Nangis nangis nguntapake Kasmono numpak Sepur menyang Jogya.
Saiki kok sikape Linda mung koyo ngono, anyep, ora ono basa basine, malah mung pembantune Sing dikon ngusir deweke, Kasmono gegetun.
Menggok mengiwo, CB mlayu ngalor, Honda rodo dikebut pengin enggal tekan ngomah.
Kasmono kroso awake lemes, kekeselen lan kurang istirahat soko mau bengi sing Ora diroso saiki muncul. Kasmono tambah ngebut, pingin enggal nggletak, istirahat nglaleke sakabehane.
(((((((((())))))))))
Senen esuk, bareng rampung nyarap gudeg komplit kanti unjukan teh nasgitel, ngecup sayang pipine Miranti, Kasmono budal kantor .
Kanti mograg magreg Kasmono budal kantor. Opo yo kang bakal kedadean dino iki. Dipanggil bu Direktur Linda, dipecat? Di mutasi? di nengke wae?
Ah luweh, Que sera sera !!
////&&&&@@@@
Kantor koyo biasane, tan ono sing aneh. Biasa model kesibukan Senin ( seni nangkring ). Kasmono ora ono sing manggil, ora ono sing nyeneni . Linda yo ora ketok. Mung esuk mau rodo kroso, mak brebet gondho parfume Linda, wangi nyentor sak ruangan . Khas, aroma cengkeh, mocca lan kembang kantil. Coba rasakno, koyo opo iku enake
Nganti sore Ora ono kedadean opo2 . Malah krungu krungu ono sing ngomong, yen bu Linda bubar makan siang mau terus budal Bandara, lanjut mabur tindak Jakarta.
Nganti dino Jumat, ora ono kedadean opo opo. Kabeh sak kantor manggaut koyo biasa. Linda ugo durung ngantor soko dino selasa. Ora ono zakat parfum koyo biasane, ugo Ora ono pawartane. Kasmono ayem tentrem nggarap gaweane.
Dumadakan jam 10 esuk sekretaris Komisaris nekani Kasmono. Ono pesen supoyo ngadep anggota Komisaris pak Sutisna kang wektu iki lagi ono Jogya.
Jam 14.00 ngadep ono ruangan Dewan Komisaris lantai 3. Ora keno telat.
Kasmono nggragap, sikile dengkelen, mantuk mantuk, karo bingung ngomong “ yo yo mbak, jam loro yo, lantai 3 yo.”
Biasane, bubar jumatan ono kantor, Kasmono langsung mulih. Amargo dino Jumat kantoran mung setengah dino.
Dino iki, bubar sholat Jumat, Kasmono dewekan mangan awan ono warung Sing ora adoh soko kantore. Lungguh dewe ono pojokan, Kasmono dialog Karo awake dewe.
Pak Sutisna, asli wong Garut, salah Siji anggota Dewan Komisaris Sing yo wakil Pemilik Perusahaan, kang kantore ono Jakarta. Kok merloke banget teko Jogya arep rembukan karo aku. Ono opo iki?
Kasmono nganalisa worst case, best case. Kemungkinan paling apik posisi gaweyane tetep mung deweke diperingatke. Kemungkinan paling elek dipecat mbuh opo alesane, mergo wis dadeke Linda kegelan, ora nyaman.
Ah mbuh ah, Urip sak dremo nglakoni, sing penting tanggung jawab.
Jam 14.00 teng Kasmono wis ndodok lawang ruangan Dewan Komisaris.
Swara kresek kresek wong ngadek soko kursi.
Lawang kebukak soko njero
“ Silakan masuk, ini mas Kasmono ya? Wah Tepat jam 2”
Pak Sutisna muncul , wajah khas Sunda, kuning resik. Pak Tisna ora iso boso Jowo.
Kasmono mlebu ruangan, lungguh adep2an marang pak Tisna.
“ Saya secara pribadi belum pernah ketemu saudara Kasmono, tapi sudah meneliti credential, track record saudara, sudah berapa lama kerja disini? “ ujare pak Sutisna ngawali pasamuan.
“ sudah sepuluh tahun pak “ jawabe Kasmono opo anane. Kasmono termasuk pegawai kang setia, bubar lulus SMA ditompo kerja ono perusahaan iki, lan dilakoni nganti saiki, Ora pindah2
Lagi ngeling eling riwayat kerjane, Kasmono kaget Karo pitakone pak Tisna
“ Apa ada permasalahan dg bu Linda?”
Kasmono bingung entuk pitakon koyo ngono, arep omong opo? Kasmono kang cerdas cepet iso mbedake tumrap hubungan pribadi lan hubungan kantor . Ora ono masalah opo2 tumrap hubungan kantor.
“ Tidak ada masalah pak, kami menghormati dan selalu mengikuti arahan bu Linda, dan Memberikan masukan kalau diperlukan “ jawabe Kasmono Karo rodo dredeg.
“ Baik saudara Kasmono , hari ini saya mewakili pemilik perusahaan akan menyampaikan Surat Keputusan kepada saudara. SK ini diterbitkan berdasarkan usulan dan masukan dari bu Linda. Pemilik sudah menyetujui, silakan saudara menerimanya dg baik dan ikhlas”
Ngomong ngono, pak Tisna Karo ngelungke amplop warna coklat.
Dheg dheg, Kasmono nompo amplop iku, tangane rodo nggregeli.
Takdir opo iki? SK opo Iki , Kasmono unjal ambegan.
Ono candhake
[8:45PM, 3/7/2018] +62 858-7832-1000: Rosa Kasmulin 13
( Romansa Kasmono Linda )
Kasmono isih gregelen nompo amplop SK misterius iku. Lem perekate rapet banget.
Sakdurunge Kasmono iso mbukak amplop iku, pak Tisna ngadek, ngguyu karo ngulurke tangan marang Kasmono,
“ Selamat pak Kasmono, pemegang saham telah memutuskan dan mengangkat anda sebagai wakil Direktur, atas rekomendasi bu Linda, sekali lagi selamat, jangan sia2 kan Amanah ini, semoga sukses “
Karo mlenggong Kasmono nompo uluran tangane pak Tisna, isih ora percoyo.
Setengah bersyukur, setengah mikirke tanggung jawab anyar sing dipikul ing Perusahaan iki.
Bubar nyerahake SK, sauntoro pak Tisna isih menehi petunjuk , lan ora kanyono nyono ngomong yen Kasmono entuk omah Dinas, lan malah majibke Kasmono dino Senin kudu wis pindah omah dinas bekas Direktur lawas sing isih kosong ono tlatah Baciro .
Biaya pindah ditanggung kantor, tambahan maneh sing ora kepikiran , Kasmono entuk mobil dinas anyar jeep Daihatsu Taft warna biru samber lilin. Gajine ugo loncat mundak.
Kasmono plenggongan, arep loncat karo ngepel tangan gembira, rasane Ora pantes . Isone mung ngomong terima kasih, terima kasih.
⭐⭐
Rong ndino gencar angkut angkut pindahan soko Pengok menyang Baciro, awak rodo pegel pegel sanadyan wis dibantu karo konco konco kantor. Ananging kesele ora dirasake, onone mung seneng gembira. Opo meneh ndeloke Miranti sing tansah ngguya ngguyu lan anak anake sing playon ono omah anyar kang luwih Ombo.
Jumat sore bareng nompo SK sakjane Kasmono nakoake lan pingin telpon Linda, ananging pak Tisna njawab enteng
“ Sudahlah tidak usah hubungi Linda dulu, dia lagi sibuk banyak urusan di Jakarta, pasti segera balik ke Jogya, pak Kasmono pikirkan saja rencana2 pembenahan perusahaan “
Yo wis, Kasmono Ora takon maneh amargo cepet2 dikon nge cek Daihatsu Taft sing wis parkir ono pelataran kantor.
Kasmono wis biasa nyopiri mobil operasional kantor, dadi Ora masalah nggowo dewe mobil anyar mulih menyang Pengok . Ora iso mbayangke ibo kagete Anak bojone meruhi bapake mulih nyopiri mobil sing isih gress iki.
Senen esuk iki Kasmono nyopir dewe mangkat kantor, jalaran sopir sing bakal nyopiri wakil Direktur durung siap.
Dino iki Kasmono jongkatan rodo suwe. Milang miling ono ngarep Koco pengilon. Nganggo pomade Tancho mandom, rambut dadi mengkilat, rupane katon luwih resik .... klimis.
@@@@@@@
Mobil anyar pancen penak sopirane, mobil jaman saiki ora perlu inrijen barang. Langsung distarter, digas wis iso njrantal, mblandang.
Kasmono nyusuri dalanan perumahan Baciro kang resik, nyawang kiwo tengen perumahan gede gede mag rong magrong, kanti pelataran ombo kang tamane tumoto, koyo dene omah dinase. Kasmono mesem bangga.
Nyopir alon alon, Kasmono pingin ndeloki nggon nggon sing dilewati kang ono kenangan lan sangkut paut karo memorine.
Taft nyusuri dalan kang Sejajar karo rel kereta api , Sakdurunge tekan jalan Dr Soetomo, Kasmono noleh nengen, ndeloke warung lotek kaki lima kang kondang lan dadi ampirane pendak tanggal enom.
Lotek, makanan khas Jogya sing Ora ono ing Kuto liyo.
Kanggoku Lotek pinggir rel iki kampiun lan nomer siji sak Jogya.
Yen weteng durung mbesesek, bubar nglotek mampir warung sebelahe, burjo campur ketan Ireng lan santen kentel kang ugo motolke ilat tenan. Nanging Ora nguras kantong. Iku jan jan saat Hedonisme kerakyatan di ujo. Yen prei aku arep mrono, Ora numpak motor meneh, nanging numpak montor.
Menggok nengen nglewati teteg sepur Lempuyangan Wetan, kang ugo akeh critane.
Dalan iki rute ne cah2 sekolah lan kuliah soko tlatah Taman siswo, Gunung ketur, Purwanggan Bausasran, Macanan, Baciro, Lempuyangan ngarah menyang UGM, UII, SMP 1, SMA 6 C, SMP 8, SMA Stella Duce, SMA 3B, SMP 4, SMA BOPKRI.
Wektu esuk pas rame2 ne podo mangkat sekolah lan kuliah, teteg Lempuyangan Wetan sok2 suwe banget nutupe. Saking suwene, siswa lan mahasiswa Sing ngantri ono kono, iso podo kenalan, ngobrol, mbajul , janjian. Jarene akeh Sing dadi pacaran lan ketemu jodo, goro2 nunggu suwene teteg sepur Lempuyangan Wetan njengat.
Kasmono neruske nyopir mengalor santai. Nglewati sekolah tinggi Widya Wacana, Sing seberange ono rumah makan Sate Singapura kang bakal dadi incerane tanggal enom Wulan ngarep.
Mobil laju mengalor mentok protelon bioskop Rahayu Sing lagi muter film “ Gone With The wind “ film telung jam setengah kang seru lan nrenyuhake, mergo obsesi cintane Scarlett O Hara, film iku kudu ditonton wong sing ngerti mutu lan seni.
Mobil menggok ngiwo terus nglewati RS Bethesda, mandeg ono lampu Bang Jo Prapatan Pamungkas. Sebelah kanan gedung resepsi Pamungkas, sebelah kiwo omah gede, omahe koncoku Sing jenenge koyo wong Amerika Latin " Ramirez"
, sebelah ngarep kanan gedung bioskop Royal sing kerep muter film film India, sebelah ngarep kiri toko buku Gramedia.
Mobil terus ngulon nyebrang Prapatan , yen menggok nengen dalam menyang SMA 6 C, SMP 8, kampus UII Cik Ditiro, SMP 1 lan kampus UGM Bulak Sumur.
Nglewati SMA Stella Duce, nyabrang kreteg kali Code, kesetop bang Jo Tugu Ngayogyokarto, Sing njegreg ono tengah ndalan, nuding langit .
Noleh sebelah kanan ono Hotel kuno Merdeka, sebelah kiri ono bangunan rapi kanti plang abang, salon kecantikan “ Halo “
Seberang bang Jo sebelah kanan toko buku Gunung Agung , jejeran karo nggon kursus bahasa Inggris “ Chan"
Nyebrang bang Jo Tugu, Daihatsu meluncur, terus tekan prapatan menyang Godean , Kasmono menggok nengen ing jalan Magelang. Kantore Kasmono 3 lantai ngadeg ono sekitar kono.
Iku rute perjalanane Kasmono menyang mulih kantor pendak dinane.
Lungguh kursi Eksekutif ono ruang kantore sing anyar, Kasmono mbrabak mripate, kelingan marang swargi bapake, kang wektu sugenge duwe kekarepan, supoyo Kasmono iso dadi Dokter weton UGM.
Nganti keroyo royo mindah Kasmono soko SMA Solo menyang Jogya. Mbiayai bimbingan test, amrih gampang melu test Skalu, Fak Kedokteran.
Ananging Takdir ono tangane Gusti, sakdurunge Kasmono lulus SMA, bapake sing ono ndeso keno serangan penyakit lan mendadak tilar donya. Ora iso dicritaake sepiro gegetun lan sungkawa ne Kasmono, Ora mung mergo bapake iku tulang punggung panguripan keluarga, nanging ugo tansah dadi
Panutane Kasmono.
Mergo iku, Kasmono Ora mampu nerusake kuliah, Ora sido dadi Dokter. Lulus SMA Kasmono terus nyambut gawe kanggo mbantu panguripan keluargane.
Mungkin iki wis dadi garis tangane. Saumpomo Kasmono nerusake kuliah durung karuan iso dadi wakil Direktur koyo iki , lungguh ono ruangan kang wah lan mentereng.
⭐⭐⭐
Nyambut gawe kanti tekun lan tenanan Kasmono akeh Anggawe perubahan Sing wigati ing kantore. Rong Wulan wis dilakoni, nyambut gawe awan tekan bengi kanti tekad lan pengabdian kanggo majoke perusahaan.
Mung Sing dadi pitakonane Kasmono kang Ora kendat, yaiku tumrap Lindawati sing durung tau teko ono kantor.
Deweke durung diwenehi kesempatan nelpon Linda. Komunikasi amung lewat catetan catetan kang ditulis tangan soko Linda, lan sakwaliki jawaban lan laporan soko Kasmono.
Kasmono ngudoroso, opo Linda isih nesu, opo malah babar blas Ora gelem ketemu maneh karo aku? Ananging kenopo malah ngusulake aku dadi Wakil Direktur?
Kasmono gedeg gedeg, bingung durung ngerti jawabe.
Dino senen iku, koyo biasane Kasmono nglembur ono kantor. Isih rapat Karo tim e cilik mbahas bab pengembangan pasar lan Strategi Marketing. Wanci jam 9.00 bengi ono telpon soko pembantune Linda. Ngabari yen ono paket soko Linda kanggo Kasmono kang ditibake ono Kotabaru omahe Linda.
Pembantune takon paket arep diterke menyang Kantor, utowo opo arep dijupuk ono omah?
Kasmono gumun lan kegumunan, ono paket soko Linda kanggo aku, opo meneh iki?
Nanging enggal Kasmono mutuske, sesuk arep dijupuk dewe menyang Kotabaru. Aku arep nelisik bab2 sing perlu tak ngerteni tumrap Lindawati.
[10:49AM, 3/8/2018] +62 858-7832-1000: ☺ Rosa KasmoLin 14
Esuk iku, sakdurunge kantoran, Kasmono mampir Omahe Linda, Kotabaru. Karo Miranti, Kasmono digawani bungkusan panganan, oleh oleh kanggo poro pembantu lan sopire Linda.
Jam 7.30, Kasmono wis tekan Kotabaru. Dilungi panganan, pembantune Linda katon seneng lan luwih ramah nyambut Kasmono. Gage gage nggaweke teh manis anget, lan malah nyuguh Lupis karo Ketan bubuk barang, Panganan karemane Kas.
Kasmono basa basi sawetoro. Pembantune Linda ngetoke paket e, bungkusan ora patio gede, ono tulisan alamate,
" Kagem Kasmono “
Kasmono nompo bungkusan paket, ora ngetoake roso gumune lan pikirane sing gemubyek, praeane dibiasa biasake datar, tanpo ekspresi.
Sanadyan bangete pingin ngerti opo isi paket iku, nanging isih ditahan. Mengko wae tak bukak ono kantor, batine Kasmono.
Sakbanjure Kasmono arep nelisik sandi tumrap keadaane Linda, ngorek pawarto soko pembantune.
Kanti migunakake teknik2 wawancara sing ora ketoro , sing wis tau disinauni lan diprakteke jaman dadi reporter serabutan koran lokal; Kedaulatan Rakyat lan koran Masa Kini.
Rodo muter2 pitakone karo geguyonan. Wanci jam 9.00 punjul sitik, Kasmono pamit, lan wis ngerti opo sing dialami Linda ing setahun pungkasan iki.
Sakbenere Lindawati iku nandang leloro dalem sing abot, kang wis dingerteni setahun kepungkur.
Perawatan lan pengobatan rutin di pinang genahi Dokter Spesialis dalem terkenal ono Jakarta.
Durung terang lan pasti penyakit opo sing disandang Linda. Setengah tahun kepungkur Linda wis luwih bregas lan sehat Ora ngetoke gejala2 sing biasa dialami.
Mulane wong tuwane lan pak cilike ngidinke Linda sing kepingin ndandani lan mimpin perusahaan sing diambi alih ono Jogya iku.
Linda iku spesialis ndandani perusahaan sing lagi oleng, meh bangkrut, awit thesis kang ditulis kanggo Mastere Bisnis ono Amerika pancen kasus kasus perusahaan mrosot lan oleng.
Linda wis pengalaman lan kasil ngolah 3 perusahaan sing meh ambyar gulung kloso, dadi sehat lan bati.
Ananging rong wulan kepungkur, Linda ngalami kemunduran kesehatan drastis.
Linda kudu istirahat lan saat iku mutlak ngurangi aktivitas fisik, njalani perawatan kang intensif. Keluargane sarujuk yen lorone Linda ora perlu diwartake disik, disimpen rapet kanggo jogo reputasine Linda.
Iku analisa lan kesimpulan hasil wawancara Kasmono ono Omah Kotabaru.
&&&&&
Tekan kantor, Kasmono enggal mlebu ruangan, pingin gage mbukak bungkusan paket soko Linda.
Ora ono surat, ora ono tulisan, isi paket awujut lukisan ono kanvas ukuran
1 x 1,5 M kanti warna warni macem2. Antara ono bentuk sing jelas sing meleleh, nganggo teknik plototan.
Iso disebut iki gaya lukisan kombinasi surealis Salvador
Dali lan gaya ekspresionis Affandi . Kasmono Durung patio mudeng maknane, ananging iso menikmati keindahane.
Sing mencolok soko lukisan iku tulisan meleleh sing dadi latar ngarep kanti kombinasi warna abang Ijo Ireng kuning.
I’M SORRY
GOOD BYE
Tulisan iku koyo tombak kang langsung nancep ing dodone Kasmono, opo meneh ono tanda tangan Lindawati ing tengen ngisor lukisan.
Iki lukisane Linda, opo maknane? Opo pesen sing pingin ditekake marang aku? Kasmono mbatin lan mikir.
Jiwo sing murung? Sunyi ananging ruwet? Njaluk apuro? Pepisahan pamitan?
Dino iku Kasmono dadi murung, kurang semangat, batuke njengkerut.
@@@@@
Roso murung iku kegowo tekan omah. Kasmono ndewe ono teras mburi karo nyawang kolam. Kepikiran lan rumongso salah, ojo2 loro ne Linda kambuh maneh jalaran katresnan kang ditolak Kasmono. Kasmono nggetuni awake dewe, gelo rumongso salah.
Very deep feeling guilty.
&&&&&&
Roso murung kang kegowo gowo tekan omah pirang2 dino iki , digateake Miranti kanti sumelang . Batine Miranti, opo bojone kabotan gawean? Ono masalah sing gede ono kantor? Kok geneo samsoyo dino Bojone katon murung, ngalamun. Miranti pendak dino tambah nyemelangake bojone.
Iki Ora keno dinengke, aku bojone, sanadyan ora pendidikan duwur aku kudu ngerti opo masalahe bojoku , lan keporo kudu iso menehi pertimbangan tumrap kanggo uwal soko masalah sing ono.
“ Aku sesuk kudu takon bojoku Kasmono, opo sing nyebabke murung iku “
Isih durung kecandhak
Tutuge
[12:07PM, 3/8/2018] +62 858-7832-1000: Rosa KasmoLin 15
Miranti wis apal anglehe Kasmono pungkasan iki. Bubar daharan bengi, Kasmono lungguh dewe ono teras mburi, ngalamun nyawangi kolam iwak mas.
Biasane, bubar nyepaki teh panas legi, karo nyamikan pisang goreng utawa jadah bakar, Miranti enggal mlebu ruang utama. Nonton acara TVRI Jogya. Senengane nonton acara penyanyi lokal lan dagelan Mataraman plesetan ala Basiyo.
Nanging bengi iki, bareng ndeleh teh lan nyamikan Miranti melu lungguhan ono teras mburi . Sawetoro nyawangi kolam, karo nyoba ngrasaake suasana bengi iki.
Miranti ngrungoake Kemricike banyu kolam kang ngalir lan muncrat, kecipak kecipak iwak mas gembribet kang Ora kendat sliweran ing banyu. Kang -kung , kang - kung swara kodok ngorek. Lan minyar minyure pang pang cilik lan gegodongan katiup angin semilir ratri.
Miranti ngayati lan koyo manunggal ing alam, kalbune tenang tentrem lan sumarah. Ananging jejerane Kasmono katon ora tenang belingsatan ing suasana bengi kang tentrem tentrem iki , Amargo Miranti ora koyo biasane lungguh ono kono.
“ Mas Kas, aku ngerti lan melu ngrasaake, wektu iki panjenengan lagi nandang masalah awrat kang nembe panjenengan pikul “
Kasmono njenggirat krungu ujare Miranti kang tanpo sronto sronto iku , sirahe koyo ditutuki pukul besi, wetenge mbesesek kenceng koyo ditaleni dadung . Ujare Miranti nusuk ulu atine, perih.
“ Ora ono masalah opo opo kok jeng, biasa wae, kakean gawean kang kudu enggal rampung” gragapan Kasmono jawab pitakone Miranti sakenane, nyelaki.
“ Mas, wis pitung tahun aku dadi bojomu, solah bowo roso getun seneng njenengan aku yo apal, ora sah dicritani aku ngerti.Ananging sing iki opo masalahe? dene banget le ngebot ngeboti roso panjenengan, Ojo selak lan ngapusi aku, aku bojomu mas !!! “Miranti ngoyak.
Didesek desek , dioyak oyak, diprenguti, diencepi lan ditangisi Miranti, Kasmono ora tahan , jebol katahanane nggembol wadi lan masalahe.
Kabeh opo anane bab sopo iku Lindawati ugo opo tantingane dictritaake marang Miranti, amargo Kasmono iku sisihan kang lugu tur jujur lan ugo lagi gugup.
“ Ananging aku ugo Ora tego marang sliramu lan bocah bocah Jeng “ujare Kasmono
Kasmono ugo terus terang crito yen saiki lagi bingung, maju mundur, roso mesaake marang Linda kang wis nduweni jasa gede, mangu mangu setengah pingin setengah Ora nompo tantingane Lindawati.
Miranti nangis alon mingsek mingsek krungu njlentrehane Kasmono kang blak blakan iku.
Enggal Miranti oncat soko lungguhe, mak brebet mlebu omah, kenceng nutup lawang. ....... Ketutup luhe sing dleweran ono pipine , praupane Miranti Abang mbranang, nyimpen lan nahan murkone. Umpono ono endog mentah sing ditempelke ono dodone, pasti bakal enggal mateng, kobong keno kobar urup panas atine Miranti.
Lawang kamar dikunci, Miranti Nggletak ono jobin kamare kang anyep. Rambute riyap riyap karo nangis sesenggukan , Miranti banget gegetun lan rumongso Ora ono regane.
Wis rong ndino iki Miranti pisah kamar karo bojone. Ora gelem rembukan karo Kasmono. Donyane Miranti peteng lan bruwet ing tengah Sengenge kang suminar padang.
Rong ndino ngalamun, nyoba nlesih nlesih atine, ngonceki jiwane. Lan ugo nyoba ngroso lan mikir tetembungan Jowo kuno kang ngasorake kaum wanodya “ Wong wedok iku swargo nunut neroko katut marang semahe “
Bareng ditimbang timbang lan diroso kanti tememen, Miranti mutusake. Sesuk aku bakal masrahake krentege atiku marang Kasmono, bojoku.
Insha Allah bakal cuthel
ing episode 18
[5:40PM, 3/9/2018] +62 858-7832-1000: Rosa KasmoLin 16
Kasmono nratap, esuk esuk bubar Sholat Subuh, metu soko kamar, meruhi Miranti lagi nyapu pelataran. Kemresek kenceng Suarane. Miranti ugo trengginas nguncal nguncalake ranting ranting cilik kang tibo sumebar ngregeti plataran.
Miturut laporan pembantune , rong dino iki Miranti lagi metu soko kamare menowo Kasmono wis budal kantor. Ketoke lagi Ora gelem aruh aruh marang bojone.
Ugo Rong dino iki Miranti poso wicara, ora resik resik, Ora menehi printah lan mbantu masak . Ora dandan, Ora blonjo, Ora metu omah. Poso soko sakabehe, koyo koyo lagi nikmati lan ngayati perasaane sing loro, perih lan .... ambyar. Mripate cuwong kurang turu, rambute ngriyap Ora rapi, njegrig koyo rambut Singo Barong.
Kasmono namung ngindik soko njero omah, Ora wani nyedaki lan nyopo Miranti.
Miranti koyo wong kang lagi uwal soko Kawah Candradimuka. Pasuryane mantep, tangane kenceng olehe nyekel sapu lan katon yakin opo sing ditindaake.
Ora mung nyapu plataran, Miranti ugo ngepel ruangan, lap lap perabotan, isah isah, pingin mrantasi opo wae, koyo lagi nyalurake enerjine sing lagi mencep mencep .....,... mbludak.
Nganti Kasmono budal kantor, Miranti durung kemput anggone pingin mrantasi lan ngrampungke gaweyan sing rong ndino iki kabeh ditindaake pembantune.
Wanci jam 10 esuk, omah sepi, Miranti wis rapi pasuryane resik cemlorong. Lungguh dewe ono ruang keluarga, nglaras midangetake gending gendinge Ki Nartosabto kang ngalun soko kaset sing lagi wae dipasang. Nglaras gending Ki Narto Sabdo kang ngalun soko sinden kanti suara bening, nggowo Miranti mabur mlebu donya kang beda. Donya kang adem, tentrem, pasrah sumarah. Cess ......atine Miranti koyo ditetesi embun esuk. Urip sak dremo nglakoni.
Miranti wis netepke keputusane, Kasmono iku bojoku, bapake anak anaku, mantune wong tuaku, sedulure sedulur sedulurku.
Lan iku bakal tetep mangkono , menowo Kasmono bakal tetep ngrabeni Lindawati.
Sakdurunge Miranti ugo mikir pilihan kang paling pait, yaiku njaluk pegatan, anake digowo lan diopeni Miranti dewe. Ora nuntut opo2.
Dipikir luwih jero, iku mung keputusan kang nglegani ati lan egone ing jongko cendak. Jongko dowone kepiye? Miranti mbayangake statuse, nyambut gawe dewe, golek nafkah kanggo nguripi lan mbiayani keluarga.
Anak2 e? Miranti ora kuat mbayangke, Miranti sesenggukan nangis sepi ing tengah wengi.
Ditimbang timbang maneh, pungkasane Miranti duwe keyakinan, menowo Kasmono bakal iso adil marang Miranti lan anak2 e, sadayan duwe sisihan kang anyar.
Miranti bakal nurut opo kang bakal dadi keputusane Kasmono. Menowo kanggone Kasmono, nikah sing kaping loro karo Lindawati bakal dadi dalan sing paling apik, Miranti bakal dadi makmum sing miturut.
Ananging Miranti njaluk Kasmono mikirake sepisan maneh putusan kang abot iki.
Menowo pancen Kasmono wis antep ing ati bakal rabi maneh, Miranti bakal manut marang takdire, nompo Lindawati kanti ikhlas dadi madune.
Iku kabeh bakal dilakoni, amargo Miranti tetep Tresno marang Kasmono bojone.
....... Tresno kanti huruf T gede lan kandel . Ugo mikirake tembe mburi anak2e.
Miranti kroso plong, lego legawa menowo pancen Kasmono bakal ngloroake atine, marang deweke lan marang Linda.
Bengi iku Miranti matur marang Kasmono kanti takjim, menowo bakal ikhlas yen pancen Kasmono tetep arep ngepek Linda dadi sisihane kang nomer Loro.
Miranti matur lirih ananging teges lan lancar. Rembuke Ora gelem diselo.
Bareng Miranti wis ngrampungke ature, Sakdurunge Kasmono mangsuli, Miranti wis ngadeg soko kursi, bablas mlebu kamar. Ngunci kamar nggletak turu nganti esuk.
Tangi, sholat subuh, nyapu plataran, resik resik omah, lap lap, isah isah, ngurusi anake, masak lan sakteruse
Pendak ndino nindakake bab kang podo. Rutin koyo ....mesin.
Miranti irit wicorone nanging akeh tumandange.
Kasmono kami tenggengen ngrungoake ature Miranti kang runtut lan teges iku. Ono roso pait lan rumongso salah tinanggung . Kasmono gedeg2 ugo mlebu kamare dewe.
Ketap ketip, mikirake sepisan maneh, Kasmono netepake ati bakal nglamar Linda. Kasmono ugo duwe keyakinan, Linda bakal sehat maneh lan uwal soko penyakite menowo bebrayan marang Kasmono.
Kasmono ugo janji marang awake dewe , yen Ora bakal nelantarake , Ora bakal ngurangi tanggung jawab lan kewajibane marang Miranti lan anak2e.
Keyakinane Kasmono iku sakjatine Ora ono dasarane, Ora mlebu logikane, Ora nalar pikire. Ananging roso mesakake, roso pingin nulung ngalahake nalar cerdase Kasmono.
Mbuh soko ngendi sumbere, sore iku sekretarise Kasmono lapor , entuk kabar yen sesuk awan bu Linda bakal bali menyang Jogya , njujuk dalem Kotabaru.
Kasmono kaget lan bungah . Linda wis sehat? Mbayangake bakal aktif nyambut gawe bareng Karo Lindawati calon sisihane ........ nggeterke atine, seneng campur miris.
Isih udan ndrejeh esuk iku Kasmono wis siap bakal budal kantor. Koyo Ora sakbeane ing Wulan September sing biasane isih panas, soko wanci Subuh mau udan bres tumurun ing langit Ngayogyakarta kanti bledek kang nyamber nyamber Ora kendat.
Opo iki sing diarani salah mongso? pitakone Kasmono Karo munggah mobil Taft ono sisihe sopire.
Mobil Daihatsu nembus udan kang samsoyo deres. Langit Ngayogyakarta peteng ndedet, Srengenge koyo dipenjoro Ora iso njedul lan sumunar ing esuk iki. Tekan kantor, Kasmono ngipat ipatake hem me sing keno udan karo unjal ambegan “ kok udane nyolowadi temen, tambah deres kanti angin gede lan amuking bledek , .... pertondo opo iki?”
Sore iku udan isih nggrejeh, banyu koyo pesto ing sak enggon enggon, Kasmono perintah sekretarise supoyo ngabari menyang Kotabaru menowo Kasmono bakal ngadep Lindawati.
Ananging Kasmono kaget nompo jawaban lan keterangan soko Kotabaru.
Lindawati wis bali Jogya dek wingi awan dikancani adine Beny. Soko bandara, Linda lan Beny langsung budal menyang villane ono Kaliurang , bakal tetirah sawetoro wektu.
Kasmono ora ngiro menowo Linda wis ono Jogya soko dino wingi, lan saiki ono Kaliurang. Atine kroso Ora kepenak, ono roso was Was sing mrembet lan nggrayangi sakujur awake.
Udan deres isih durung leren, Ora jemu lan Ora entek entek banyu nyempyok tumpah ruah soko langit.
Dumadakan keprungu siaran lan pengumuman soko RRI Jogya, ngabarake yen awan mau Gunung Merapi ngetoake lahar panas. Merapi watuk watuk, watuk kang malati lan mbebayani. Siaran lanjutan ngabarake , yen Wedus Gembel awan panas ketiup angin ngarah menyang lereng Kaliurang.
Dheg, Kasmono nratap krungu kabar kang tan kiniro iki. Pikirane nglayang, Linda isih ono Kaliurang opo wis medun. Wedus Gembel kang mudun soko pucuk Merapi bakal nuwuhake bebayo kanggo sing dilewati.
Aku kudu metuk Linda. Aku kudu mangkat Kaliurang saiki ugo.
Kasmono melompat, gage mlayu menyang lantai dasar.
Tutuge
[10:46AM, 3/10/2018] +62 858-7832-1000: Rosa KasmoLin 17
Akeh sebutan sing si nandang Kuto Ngayogyakarta Hadiningrat.
Kuto perjuangan, Kuto Pelajar, Kuto Budaya, Kuto Wisata, Kuto Gudeg lan ugo Kuto Sepeda.
Kuto Jogya ugo wis nate dadi ibukota NKRI sing ke loro , tahun 1948 . Mulo ing ujung jalan Malioboro ngadeg Istana Negara sing sinebut Gedung Agung.
Sing arang sinebut, Jogya iku ugo “ Kuta Spiritual “. Ono kekuatan kekuatan spiritual kang nglingkupi lan mengaruhi ubyek uteke masyarakat Ngayogyakarta.
Ono 3 doyo spiritual kang paling duwe pengaruh gede, ing tlatah Ngayogyakarta , yaiku ; Gunung Merapi, Kraton Jogya lan Segoro Kidul sekitaran Parang Tritis, Parang Kusumo, Muara Ketemune Kali opak kali Oya lan gumuk pasir Parang Tritis.
Didelok Soko angkoso, bakal katon menowo kekuatan spiritual kang telu mau sinambung ing garis lurus, soko lor, tengah tekan Kidul.
Soko sisih lor mulai Gunung Merapi, sambung Kraton Jogya sing dadi tonggak pusat spiritual, lan sambung mengidul tekan Segoro Kidul.
Mbah Marijan mesti sinebut dadi penunggu lan juru kuncine Merapi. Panjenengane iku makluk nyoto wong bioso kang andap asor duwe anak bojo, lan Urip ono deso Kinahrejo, Lereng Merapi sisih Kidul.
Kraton Jogya kang dadi tonggak spiritual, mesti dihubungake karo poro Sultan Sultan ing Ngayogyakarta.
Dene Nyi Roro Kidul iku sing mbaurekso lan njogo Segoro kidul. Nyi Roro Kidul iku cemburuan Ora gelem dikembari lan Ora seneng Karo wong2 sing nganggo piagem rupo Ijo, amargo piageme sang Nyi iku werno Ijo. Wis dadi pamali kanggo poro wisatawan sing pesiar menyang laut Kidul nganggo ageman werno Ijo ......iso mbebayani dadi larung ilang dipangan ombak Segoro andahane Nyi.
Jaman door stoot mbiyen, Sakdurunge akeh bangunan2 duwur ono Kuto Jogya, menowo ono wong kang ngadeg ono ngare pilar tengah Kraton ,lan nyawang mengalor, iso ndelok kepundan Merapi sing asring kebul kebul.
Jaman saiki, ngadeg ono ngarep pilar tengah Kraton nyawang ngalor, nyoba ngumbarake lan nglakoke pikiran, lakune pikir mengalor bakal nyusuri alun2 lor ono tengah Ringin Kurung kembar. Sisih kiwo ngadeg njegreg Mesjid Agung Kraton, lan sisih tengen ono gedung bioskop Sobo Harsono jejere warung sate Kambing pak Ahmad kang murah lan enak tenan ngiras dadi penitipan sepeda poro pamiarso bioskop.
Terus mengalor nyusur jalan Malioboro kang dadi pusat lan ikone Kuto Jogya, bakal nglewati gedung2 megah tinggalan jaman Belanda, gedung Bank Indonesia, gedung Kantor Pos.
Terus ngalor, Sisih kiwo ngadeg gedung Senisono pusat kreasi lan panggung seni Kuto Jogya . Jejere ngadeg megah istana Negara Gedung Agung. Seberange ono benteng Vredeburg kang jejeran Karo Pasar Bering Hardjo, pasar tradisional paling tuwo lan paling gede ing Jogya, dadi pusat blonjo aneko warno kebutuhan kang tansah regeng.
Terus ngalor sisih kiwo ono gedung bioskop Indra. Mlaku ngalor bakal nglewati hotel Mutiara, jejeran toko2 ; toko Ramai, Samijaya, toko batik Terang bulan, Mustika. Lan ing ujung sisih tengen Sakdurunge teteg sepur Tugu, ngadeg megah gedung kuno, hotel Garuda sing misuwur.
Nyebrang rel stasiun menowo menggok ngiwo bakal ketemu stasiun sepur Tugu , terus mengalor bakal nglewati gedung bioskop Ratih. Ngalor sitik ketemu Tugu Jogya kang terkenal ono tengah dalan. Terus ngalor mlebu jalan AM Sangaji , yen diterusake ngalor , laku pikir bakal mentok tekan gunung Merapi.
Hubungan spiritual Merapi lan Kraton iku ngalir nglewati pusat2 pemukiman lan keramean, pusat pamrentahan , kesenian kang nuwuhake pengaruh positif lan ugo negatif.
Dene Hubungan Kraton lan Segoro Kidul ugo muat mitos mitos lan crito sing luwih serem lan kebak werno. Ananging amargo lakune Kasmono bakal ngarah menyang Gunung Merapi, aliran lan hubungan energi Kraton Karo Segoro Kidul durung perlu diutek utek ing kene.
Udan isih deres, langit peteng, bledek nyamber2 ing angkoso, Kasmono enggal nyengklak Daihatsu Samberlilin, lan perintah sopire mangkat ngebut, nuju Kaliurang.
Taft nglewati Tugu Jogya nyusuri jalan Sudirman mengetan . Ora sawetoro montor menggok ngiwo mlebu jalan C Simanjuntak, nglewati SMA 6 C , Depaster ( Depan Pasar Terban ). Taft terus ngalor mlebu tlatah Kampus UGM, Bulak Sumur.
Nglewat bangunan gede megah pusat aktivitas lan pemerintahan UGM. Gedung lantai 3 , paduan gaya Roman kuno lan Spanyol . Kanti pilar pilar pengkuh lan lengkung lengkung elegan, dadi pusat pandangan tlatah Bulak Sumbur kang Ijo rimbun lan Ombo. Gedung iki ugo disebut ....Balairung.
Kasmono Ora sronto ngambali printah marang sopire, supoyo luwih cepet. Daihatsu njrantal kontring nglewati alas penelitian UGM, nyebrang Selokan Mataram, mlayu neruske laku ngalor nyusuri jalan Kaliurang.
Ing dino terang, nyusuri dalan iki mengalor bakal dadi wisata lan plesiran kanti Panorama kang endah.
Pucuk Merapi cetha welo welo koyo wong udut ngepul, peluke mbentuk diorama aneh aneh ing langit lor. Pesawahan Ijo royo royo kang subur ono kiwo tengen dalan. Wedus wedus lan Kebo kebo keliaran diumbar, ditunggoni bocah bocah angon.
Ananging dino iki, gambaran endah iku Ora ketok. Si awang Mung peteng, udan deres, kairingi swara instrumen alam kang ngidap idapi ..... tintrim medeni.
Nglewati mbanteng dalan terus nanjak ngliuk ngiwo nengen. Daihatsu tetep Ngebut nembus Pakem, munggah luwih ndedel.
Sedela meneh Kasmono bakal tekan Kaliurang. Ananging rong kiloan sakdurunge Kaliurang, dalan ditutup rambu rambu larangan lewat, dijogo Polisi.
Kasmono mlumpat mudun nemoni Polisi disambut udan deres. Kasmono njaluk supoyo diidinke munggah Kaliurang , yen perlu kanti mlaku.
Polisi Ora ngidinke, malah penduduk sekitar kono wis mulai podo di evakuasi mudun. Kasmono ngrentep ngeyel tetep pingin munggah. Pak Polisi tetep Ora ngidinke, amargo hasil stasiun cuaca ing Plawangan ngetoke siaran yen Kaliurang lan sakitarane wis ditetapke zona bahaya 1. Ora ono wong kang oleh mlebu Kaliurang kajaba petugas evakuasi.
Kasmono kentekan akal, pupus asane, mikirke opo sing bakal dialami Linda ... bergidik.
Kasmono melu njogo dalan ing kono Karo Polisi tekan wayah maghrib, sopo ngerti alam dadi terang. Ananging alam tetep pamer wajahe kang angker, .......,peteng.
Sakbanjure Kasmono mudun balik Jogya kanti awak loyo lan perasaan khawatir Ora karuan, dino wis peteng, Adzan Maghrib kumandang ing langit peteng Kaliurang.
Dino iki Jogya Padang njingglang. Srengenge sumunar terang, langit Jogya resik ngujiwat klimis koyo dandanan prawan kang lagi bali soko salon kecantikan.
Wis rong dino iki Kasmono mangu mangu, nunggu pekabaran soko Kaliurang. Ananging pawartane Kaliurang isih ditutup. Durung normal, ono kerusakan kerusakan ing Kaliurang. Kobongan alas lan lereng gunung, kewan ternak kang mati , ono macan kang mudun gunung, rombongan ketek mlebu kampung. Kaliurang isih gawat.
Esuk iku Kasmono wis ono kantor, sekretarise nompo telpon soko Kotabaru, ngabarake yen Beny adine Linda wis iso uwal , metu ninggalake Kaliurang.
Saiki Beny enggal kepingin ketemu Kasmono , arep nyritakake lan mbeberke kedadean lan sripah ing Kaliurang.
candhake
[3:09PM, 3/10/2018] +62 858-7832-1000: Rosa KasmoLin 17
Akeh sebutan sing si nandang Kuto Ngayogyakarta Hadiningrat.
Kuto perjuangan, Kuto Pelajar, Kuto Budaya, Kuto Wisata, Kuto Gudeg lan ugo Kuto Sepeda.
Kuto Jogya ugo wis nate dadi ibukota NKRI sing ke loro , tahun 1948 . Mulo ing ujung jalan Malioboro ngadeg Istana Negara sing sinebut Gedung Agung.
Sing arang sinebut, Jogya iku ugo “ Kuta Spiritual “. Ono kekuatan kekuatan spiritual kang nglingkupi lan mengaruhi ubyek uteke masyarakat Ngayogyakarta.
Ono 3 doyo spiritual kang paling duwe pengaruh gede, ing tlatah Ngayogyakarta , yaiku ; Gunung Merapi, Kraton Jogya lan Segoro Kidul sekitaran Parang Tritis, Parang Kusumo, Muara Ketemune Kali opak kali Oya lan gumuk pasir Parang Tritis.
Didelok Soko angkoso, bakal katon menowo kekuatan spiritual kang telu mau sinambung ing garis lurus, soko lor, tengah tekan Kidul.
Soko sisih lor mulai Gunung Merapi, sambung Kraton Jogya sing dadi tonggak pusat spiritual, lan sambung mengidul tekan Segoro Kidul.
Mbah Marijan mesti sinebut dadi penunggu lan juru kuncine Merapi. Panjenengane iku makluk nyoto wong bioso kang andap asor duwe anak bojo, lan Urip ono deso Kinahrejo, Lereng Merapi sisih Kidul.
Kraton Jogya kang dadi tonggak spiritual, mesti dihubungake karo poro Sultan Sultan ing Ngayogyakarta.
Dene Nyi Roro Kidul iku sing mbaurekso lan njogo Segoro kidul. Nyi Roro Kidul iku cemburuan Ora gelem dikembari lan Ora seneng Karo wong2 sing nganggo piagem rupo Ijo, amargo piageme sang Nyi iku werno Ijo. Wis dadi pamali kanggo poro wisatawan sing pesiar menyang laut Kidul nganggo ageman werno Ijo ......iso mbebayani dadi larung ilang dipangan ombak Segoro andahane Nyi.
Jaman door stoot mbiyen, Sakdurunge akeh bangunan2 duwur ono Kuto Jogya, menowo ono wong kang ngadeg ono ngare pilar tengah Kraton ,lan nyawang mengalor, iso ndelok kepundan Merapi sing asring kebul kebul.
Jaman saiki, ngadeg ono ngarep pilar tengah Kraton nyawang ngalor, nyoba ngumbarake lan nglakoke pikiran, lakune pikir mengalor bakal nyusuri alun2 lor ono tengah Ringin Kurung kembar. Sisih kiwo ngadeg njegreg Mesjid Agung Kraton, lan sisih tengen ono gedung bioskop Sobo Harsono jejere warung sate Kambing pak Ahmad kang murah lan enak tenan ngiras dadi penitipan sepeda poro pamiarso bioskop.
Terus mengalor nyusur jalan Malioboro kang dadi pusat lan ikone Kuto Jogya, bakal nglewati gedung2 megah tinggalan jaman Belanda, gedung Bank Indonesia, gedung Kantor Pos.
Terus ngalor, Sisih kiwo ngadeg gedung Senisono pusat kreasi lan panggung seni Kuto Jogya . Jejere ngadeg megah istana Negara Gedung Agung. Seberange ono benteng Vredeburg kang jejeran Karo Pasar Bering Hardjo, pasar tradisional paling tuwo lan paling gede ing Jogya, dadi pusat blonjo aneko warno kebutuhan kang tansah regeng.
Terus ngalor sisih kiwo ono gedung bioskop Indra. Mlaku ngalor bakal nglewati hotel Mutiara, jejeran toko2 ; toko Ramai, Samijaya, toko batik Terang bulan, Mustika. Lan ing ujung sisih tengen Sakdurunge teteg sepur Tugu, ngadeg megah gedung kuno, hotel Garuda sing misuwur.
Nyebrang rel stasiun menowo menggok ngiwo bakal ketemu stasiun sepur Tugu , terus mengalor bakal nglewati gedung bioskop Ratih. Ngalor sitik ketemu Tugu Jogya kang terkenal ono tengah dalan. Terus ngalor mlebu jalan AM Sangaji , yen diterusake ngalor , laku pikir bakal mentok tekan gunung Merapi.
Hubungan spiritual Merapi lan Kraton iku ngalir nglewati pusat2 pemukiman lan keramean, pusat pamrentahan , kesenian kang nuwuhake pengaruh positif lan ugo negatif.
Dene Hubungan Kraton lan Segoro Kidul ugo muat mitos mitos lan crito sing luwih serem lan kebak werno. Ananging amargo lakune Kasmono bakal ngarah menyang Gunung Merapi, aliran lan hubungan energi Kraton Karo Segoro Kidul durung perlu diutek utek ing kene.
Udan isih deres, langit peteng, bledek nyamber2 ing angkoso, Kasmono enggal nyengklak Daihatsu Samberlilin, lan perintah sopire mangkat ngebut, nuju Kaliurang.
Taft nglewati Tugu Jogya nyusuri jalan Sudirman mengetan . Ora sawetoro montor menggok ngiwo mlebu jalan C Simanjuntak, nglewati SMA 6 C , Depaster ( Depan Pasar Terban ). Taft terus ngalor mlebu tlatah Kampus UGM, Bulak Sumur.
Nglewat bangunan gede megah pusat aktivitas lan pemerintahan UGM. Gedung lantai 3 , paduan gaya Roman kuno lan Spanyol . Kanti pilar pilar pengkuh lan lengkung lengkung elegan, dadi pusat pandangan tlatah Bulak Sumbur kang Ijo rimbun lan Ombo. Gedung iki ugo disebut ....Balairung.
Kasmono Ora sronto ngambali printah marang sopire, supoyo luwih cepet. Daihatsu njrantal kontring nglewati alas penelitian UGM, nyebrang Selokan Mataram, mlayu neruske laku ngalor nyusuri jalan Kaliurang.
Ing dino terang, nyusuri dalan iki mengalor bakal dadi wisata lan plesiran kanti Panorama kang endah.
Pucuk Merapi cetha welo welo koyo wong udut ngepul, peluke mbentuk diorama aneh aneh ing langit lor. Pesawahan Ijo royo royo kang subur ono kiwo tengen dalan. Wedus wedus lan Kebo kebo keliaran diumbar, ditunggoni bocah bocah angon.
Ananging dino iki, gambaran endah iku Ora ketok. Si awang Mung peteng, udan deres, kairingi swara instrumen alam kang ngidap idapi ..... tintrim medeni.
Nglewati mbanteng dalan terus nanjak ngliuk ngiwo nengen. Daihatsu tetep Ngebut nembus Pakem, munggah luwih ndedel.
Sedela meneh Kasmono bakal tekan Kaliurang. Ananging rong kiloan sakdurunge Kaliurang, dalan ditutup rambu rambu larangan lewat, dijogo Polisi.
Kasmono mlumpat mudun nemoni Polisi disambut udan deres. Kasmono njaluk supoyo diidinke munggah Kaliurang , yen perlu kanti mlaku.
Polisi Ora ngidinke, malah penduduk sekitar kono wis mulai podo di evakuasi mudun. Kasmono ngrentep ngeyel tetep pingin munggah. Pak Polisi tetep Ora ngidinke, amargo hasil stasiun cuaca ing Plawangan ngetoke siaran yen Kaliurang lan sakitarane wis ditetapke zona bahaya 1. Ora ono wong kang oleh mlebu Kaliurang kajaba petugas evakuasi.
Kasmono kentekan akal, pupus asane, mikirke opo sing bakal dialami Linda ... bergidik.
Kasmono melu njogo dalan ing kono Karo Polisi tekan wayah maghrib, sopo ngerti alam dadi terang. Ananging alam tetep pamer wajahe kang angker, .......,peteng.
Sakbanjure Kasmono mudun balik Jogya kanti awak loyo lan perasaan khawatir Ora karuan, dino wis peteng, Adzan Maghrib kumandang ing langit peteng Kaliurang.
Dino iki Jogya Padang njingglang. Srengenge sumunar terang, langit Jogya resik ngujiwat klimis koyo dandanan prawan kang lagi bali soko salon kecantikan.
Wis rong dino iki Kasmono mangu mangu, nunggu pekabaran soko Kaliurang. Ananging pawartane Kaliurang isih ditutup. Durung normal, ono kerusakan kerusakan ing Kaliurang. Kobongan alas lan lereng gunung, kewan ternak kang mati , ono macan kang mudun gunung, rombongan ketek mlebu kampung. Kaliurang isih gawat.
Esuk iku Kasmono wis ono kantor, sekretarise nompo telpon soko Kotabaru, ngabarake yen Beny adine Linda wis iso uwal , metu ninggalake Kaliurang.
Saiki Beny enggal kepingin ketemu Kasmono , arep nyritakake lan mbeberke kedadean lan sripah ing Kaliurang.
candhake
[3:14PM, 3/10/2018] +62 858-7832-1000: Kasmono Linda 18
Ing ndalan menyang Kotabaru, Kasmono isih kebak pitakonan, ono opo tembung sing ditekaake ing telpon mau ....Sripah Kaliurang.
Lan ugo kenopo kang enggal pingin ketemu amung Beny, Linda ono endi ??
Kasmono rerekan lan mbatin sing ora2. Swara atine mbisiki, bilih sedelo maneh bakal nemoni pawarto lelayu. Kasmono Ora tahan, tangane nlungkup nutupi rai
Tekan Kotabaru, Ora sronto Kasmono gage mudun soko montore, setengah mlayu mlebu plataran omahe Linda.
Ono ing ngarep lawang, ngadeg prio gede duwur, kulit terang. Iki mesti Beny adine Linda.
Beny mlaku metuki, ngruketi Kasmono Karo nangis ngguguk.
“ Linda wis Ora ono Kas “
Kasmono njegegreg lemes tanpo doyo. Otot Bayune kadya dilucuti, gitoke kekes koyo disoki banyu sumur gumuling. Tangane anyep, pikirane kotong. Mbrebes mili, Kasmono nuntun Beny lungguh ing ruang tamu.
Isih kelingan, wektu ing ruangan iki, pungkasan ketemu, Linda nesu lan Kasmono amung iso nyawang gegere Linda sing rodo kebukak sitik, ngilang ono lawang njero.
Kasmono banget banget gegetun, dene cepet temen Linda tinimbalan marang Gusti. Netrane blawur ketutup luh kang mrintik.
Kasmono nyoba netege ati, lan ngarih arih Beny supoyo nyritaake kedadean ono Kaliurang.
Telung jam luwih Beny nyritaake kabeh kedadean ono Kaliurang. Lan ugo mbabar rembug bab Linda kang ngagetake Kasmono .
Ngrungoke critane Beny, Kasmono gumun ora percoyo, koyo Weruh Jaran mabur ing langit.
Nanging Beny iku adine Linda. Miturut Beny deweke siji2 ne wong kang iso dipercoyo Linda, dadi sing dicritaake mesti opo anane. Mlenggong isih Ora percoyo opo sing dibabarake Beny, Kasmono banget kuciwo, lingsem lan goncang kalbune.
Nanging iki dadi mlebu nalar. Linda iku penulis, skenario, sutradara ugo dadi pelakune soko kabeh crito iki.
Sopo sakbenere sliramu iku Linda?
Ngglunuh nglokro, Kasmono pamitan. Beny ngiringi Kasmono lan Sepisan maneh njaluk ngapuro marang Kasmono sing dungkluk rumongso isin lan nesu Karo awake dewe.
Tekan omah dinas Baciro, Kasmono ngrangkul ngruket Miranti, nangis koyo bocah cilik. Miranti gumun nemoni bojone kang koyo wayang sengkleh ilang gapite, mentiung lan katon wagu.
Ono roso getun, kuciwo, isin lan roso salah ono dodone Kasmono.
“ Aku pancen wong ndeso kang lugu, bodo, pangendraku ora iso mahami opo kang ora kasirat, Linda Linda, dene kok kowe tego banget Karo aku “ batine Kasmono kelunto lunto.
Kasmono nulisake ing buku hariane opo sing dicritaake Beny, ditambahi catetan
Catetan, ugo analisa analisa, mengkene risalahe Kasmono ing buku hariane
Sepurone yo, cerkakbung iki koyo Hotel nganggo ++, dadi isih disambung ing Candhake, episode 18 ++ suwun.
[3:14PM, 3/10/2018] +62 858-7832-1000: Kasmono Linda 19
Ing tengah wengi, perasaan isih campur aduk ; rumongso kuciwo, nglokro, isin lan ugo nesu, Kasmono nulis catetan dowo ono buku hariane , mengkene,
Baciro, September 1980an,
Aku pancen wong bodo, Ora iso nangkep lan ngrasaake opo kang Ora kaucap.
Bengi iki aku nyerat catetan dowo minangka pangeling eling kanggo awakku dewe, supoyo aku luwih Wicaksono lan ora mbaleni nindaake pakarti kang bodo lan Ora perlu.
“ Opo bener Ben, menowo Lindawati iku duwe krenteg dadi sisihanku sing nomor loro ? “ pitakonku marang Beny ing Kotabaru.
Krungu ujarku iku, Beny ngguyu sajak kepiye. Sanadyan ing suasana sedih iki, Beny Ora iso nahan geli ne, mesem mesaake marang aku.
“ Kas, opo awakmu lagi guyonan? sanyoto pancen bener omonge Linda , yen sliramu iku wong kang apik, polos malah naif” ujare Beny, lan nerusake
“ Linda Ora mungkin lan Ora pingin dadi bojomu Kas sing ke loro, iku tangeh lamun, ojo dadi atimu yo Kas, aku bakal crito kabeh opo anane, sing gede apuramu yo”
Kasmono mlongo krungu rembuge Beny, menowo ono bal bekel lewat iso kauntal Ora kroso.
Dadi perang batinku, dinesoni dinengke Karo Miranti, ngalamun ngalamunku ing larut wengi mikirke Linda sak suwe iki, Ora ono patrape, mung nglulu roso, jalaran salah songko, salah kiro, dinggo dolanan Karo Linda?
Terus musabab opo sing ndadeake crito iki dadi kedowo dowo?
Beny neruske ujare
“ Kas, sliramu iku dadi pion catur sing lagi dimainake Linda. Linda iku dudu wong jahat , ananging perlu peranmu kanggo nggayuh obsesine.
Mulo bukane, awan iku Lindawati niliki ibune kang lagi gerah ing ndalem Jakarta Selatan. Beny isih manggon ono omah iki, dene Linda urip dewe ono omahe ing Jakarta Pusat.
Ora sengojo, Linda weruh proposal kang gemletak ono meja tengah. Proposal bab pengambil alihan perusahaan ing Jogya sing meh gulung kloso lan bangkrut .
Meruhi proposal iku, pasuryane Linda sumunar, mergo bab koyo Ngene iki bidange Linda sing mesti bakal nuwuhke minate.
Adrenaline ngalir kenceng. Ora mikir dowo, proposal kang keri Ora digowo romone menyang kantor iku dicangking Linda.
“ Tulung yo Ben diaturke Romo, proposal iki tak gowo” ujare Linda enteng Karo pamit mulih.
Rong ndino candhake, Beny di undang menyang omahe Linda.
“ Ben perusahaan iki kudu di ambil alih, prospeke isih apik, Ora suwe bakal untung maneh, menowo dipimpin wong sing tepat, Aku kepingin mimpin langsung perusahaan iki” ujare Linda sementrong ( semangat banget )
“ Kok Ora koyo biasane, awakmu sementrong banget Lin? “ Ujare Beny gumun.
Linda mesem nyolowadi.
Rong ndino iki, Lindawati kerja keras nliti, ngevaluasi , konfirmasi lan pungkasane nyimpulke, yen perusahaan iki layak lan prospektif diambil alih.
Kajobo ngevaluasi prospek, Linda ugo nliti karyawan perusahaan iku. Ono salah siji jeneng karyawan sing ngelingake marang masa remajane, jenenge Kasmono.
Linda penasaran, diteliti maneh jeneng iku lan konfirmasi marang pihak2 sing ngerti ........... aha bener iki Kasmono pacare jaman SMA mbiyen ono Solo, sing wis tau diseneni lan diusir soko ngomahe Karo Romone.
Praupane Linda berubah, mikir lan mesem misterius.
“ Kajobo ngambil alih perusahaan iki , aku ugo duwe rencana liyane Ben” ujare Linda marang Beny Karo mesem tipis.
“ Rencana liyo opo Lin?”
“ Romo “ ujare Linda Karo ngguyu lucu
Candhake
[3:14PM, 3/10/2018] +62 858-7832-1000: Kasmono Linda 20
Wayah jam 11 bengi punjul, Kasmono metu soko ruang belajar. Nggawe soklat panas lan njupuk kletikan.
Wis antoro sak jam Kasmono nulis ono buku hariane. Dikancani Radio transistor mini battery loro, nyetel stasiun radio swasta.
Radio Reco Buntung wengi wengi muter lagu2 ne Bimbo, ngalun dayu dayu
“ Melati dari Jayagiri “. Sedih banget, nambah Kekes atine Kasmono. Pindah stasiun Geronimo lagu sing lagi hit ono Jogya
“ Antonio Song “ Michael Frank. Cocok rodo sigrak, Kasmono nerusake tulisane.
Lindawati, sanadyan masa remajane rodo gembeng , ananging ono aliran getih kaningratan lan getih rasio liberal sing campur ono wadage, ndadeake Linda nduweni ego duwur, ulet , pikiran kang terbuka lan ngotot Ora kalahan.
Opa ne , wong Belanda asli sing biasa tumindak rasional, Romone ono mambu mambu getih Ningrat, Ora terang soko Mangkubumen utowo Kasunanan.
Linda iku cerdas lan dudu wong Kalahan. Iki kang ndadeake crito iki dadi dowo lan aku dadi bidak polos, ngrameake crito.
Menurut pituture Beny, Linda iku nyimpen loro ati kang dipendem marang Romone.
Linda rumongso soko remajane, Romone tansah nyampuri, ngatur lan ngarsiteki solah tindak, milih konco, minat lan uripe Linda.
Dilema getih campuran liberal lan Jowo , ndadeake Linda nyimpen lan nandur bibit musuhan marang Romone. Ono wektune Romone kudu tunduk, takluk, ngakoni kesalahan lan njaluk ngapuro marang Linda.
Linda dadi tansah bedo pendapat lan usreg karo Romone, ananging Linda tansah kalah, utowo dipekso kalah. Kanggone Linda iku mung kalah kang sakuntoro.
Srikandi tansah ajar manah, semono ugo Linda, Ora kendat nempa diri, mupuk modal kanggo ngalahake Romone sing wis sukses ing panguripan Bisnis, Sosial lan keluarga.
Menowo Analisa coro Jowo, congkrahe Linda lan Romone, iso amargo soko Ora cocoke weton kelahiran kalorone.
Wong kang wetone Wage yen kumpul marang wong sing weton Paing, iku bakal tansah ndadeake congkrah, kudu ono penengahe wong sing weton Kliwon.
Ge Ing ( Wage paing ) bakal congkrah, amrih tentrem kudu ono Won ( Kliwon )
Dadi iso ugo, jalaran tansah congkrahe Linda Karo Romone amargo weton kang Ora cocok, dudu jalaran soko masalah campur tangan sing keluwihan soko Romone marang Linda.
Aku iso nyebut iki “ Linda Complex” tansah Ora cocok Karo opo wae sing dipanggawe Romone.
Linda Complex Kosok balene Karo kasus Oedipus Complex.
Coba nelaah maneh Crito Yunani kuno Oedipus, kang pisahan Karo wong tuwone soko isih cilik.
Ono ing pangemborone, Oedipus tansah mbayangake lan ngangen angen, nganggep wanito kang sampurno iku sing kadya ibune. Oedipus nduweni niat Ora bakal jejodohan menowo Ora ketemu marang wanodya sing koyo ibune.
Sangkuriang Dayang Sumbi iku crito Oedipus versi tanah Pasundan.
Umpomo aku dadi juri festival film, Linda bakal tak ganjar piala Citra, berkat aktinge ono Jimbaran bengi iku.
Eseme, tangise , rembuge kebak penghayatan kang bakal ngecoh sopo wae kang ngadepi. Opo maneh aku, bekas pacare jaman SMA.
Beny nyritaake, bab kang banget nglarani Linda. Romone tansah nglarang kanti nyoto terus terang Linda sesrawungan opo maneh pacaran Karo pilihan atine.
Aku salah sijine, kang di usir Romone soko omahe Linda. Ono maneh pria pria liya kang dadi pacare kang ugo Ora diregani lan ditundung Romo.
Bab liya maneh kang njalari Linda mendem bibit Ora seneng marang Romone.
Bubar lulus SMA Linda pingin nerusake kuliah bidang seni; lukis, suara utawa seni film. Romone ngamuk lan netepke Linda kudu kuliah Ekonomi Bisnis, titik, Ora ono kompromi, Ora keno nolak. Kudu nerusake lan nggedeake perusahaan wong tuwane.
Isih akeh kang njalari Linda kuciwo marang Romone. Ananging jalaran siji iki kang nyebabake Linda Ora tahan.
Kasmono Linda 21
Kurang luwih Siji setengah tahun kepungkur, Dokter Spesialis Dalam sing nangani Linda angkat tangan , lan kanti abot nerangake menowo kesehatane Linda Ora bakal tahan luwih soko rong tahun maneh.
Linda sedih, ...... ngamuk nggrodah nggrodah, nesu. Iki kabeh goro2 Romone.
Linda nyalahake Romone kang dianggep dadi jalaran larane kang parah iki.
Anggepane Linda, Umpomo diidinke mbiyen mlebu sekolah seni, uripe bakal bedo. Tansah endah, harmoni, nyeni lan tentrem damai.
Nekuni Sekolah bisnis, mimpin perusahaan kang kebak persaingan iku nuwuhake stress tinumpuk kadang kolo Ora dirasaake. Akeh rundingan rundingan kang dowo , njalani intrik intrik kang agawe sayah jiwane.
Dasare Linda wong kang ulet , Ora gelem kalah lan ambisi tansah pingin dadi nomer siji ing lingkungane. Rikolo kuliah ono Amerika, Linda ngetok doyo juange sak pol2e, sinau nganti Ora ukuran, nganti lali wektu. Pamrihe pingin dadi nomer siji, kang paling apik, juara ing lingkungan Internasional, mahasiswa soko sak antero donya.
Lulus soko Amerika, bali Jakarta, Linda pingin nyambut gawe sing enteng ono perusahaan grup keluarga, sinambi arep kuliah maneh ono Institut Seni Jakarta.
Ananging Romone Ora setuju. Linda ora keno kuliah maneh.
Linda malah diwenehi kedudukan ing nggon panggawean kang abot2, amargo keluarga besar percoyo , menowo Linda bakal iso ngrampungake lan mimpin kanti sukses ing samubarang kabeh pakaryane.
Sanadyan Linda rodo segan aras2 en, ananging ego ne kang duwur lan hasrate tansah pingin ngadepi lan mrantasi tantangan kanti kasil .
Linda makaryo ekstra keras.
Diantem Tumpukan stress soko jaman kuliah tekan wektu nyambut gawe ing Jakarta kang dilakoni, daya tahan awake Linda mudun drastis, Ora kuat nanggung beban kang luwih abot.
Psikosomatis, jiwo kang sayah ing wektu dowo dadeake rogone Linda ugo sayah. Linda nandang lara kang misterius. Sok2 keno Vertigo kang Ora kasongko songko. Nganti divonis Doktere mangkono mau, umure diramal kari rong tahun.
Linda nemu kesempatan mbales lara atine marang Romone bubar moco proposal ambil alih perusahaan ing Jogya iku.
Lan Aku bakal dadi jembatan, srono lan mbok menowo bakal dadi wedus Ireng.
Moksa Kaliurang ,
Beny nuturake, dino iku ono Jakarta Linda katon muram , Ora jenak. Praeane kuyu, dumadakan ndadak karo mekso , ngajak Beny pingin menyang Jogya.
Dino candhake, Linda lan Beny mabur nuju Jogya. Mudun Bandara Adi Sutjipto Maguwo, Linda brubah pikiran, Ora sido nuju Kotabaru nanging ngajak Beny langsung menyang Kaliurang , nginep ono Villa keluarga.
Bengi iku, ono Villa Linda tambah gelisah , tambah Ora jenak. Wira wiri, ngideri omah ditutake si Manis, kucing ingon ingone Linda kang ditinggal ono Villa kono.
Sore ing dino naas iku, kentong titir ngganter ono tlatah Kaliurang. Gegeran wedus gembel ngamuk soko pucuk Merapi katiup angin, mabur mentiyung mlebu tlatah Kaliurang.
Sore iku, Linda nganggo long dress putih, rambute ngrembyak, gelisah khawatir dikancani si Manis. Beny lagi ono loteng, lantai loro.
Dumadakan krungu suarane Linda mbengok soko lantai ngisor,
“ Ben, Manis mlayu!!!”
Beny gragapan mlayu medun kesandung koper kang gemletak. Tekan ngisor meruhi Linda mlayu ngoyak si Manis kang ugo lagi mlayu ngoyak ngoyak kewan cilik kang mlayu mlebu alas pinus kang mepet plataran Villa.
Beny mlayu nututi Linda, ananging soko mburi kang katon , sosok lencir duwur kabungkus long dress putih, rambut ngombak meles Ireng ngrembyak iku mlebu alas ngoyak si Manis.
Durung nganti Beny tekan pinggir alas, dumadakan .....mak nyasss ....kroso howo panas nyamber raine. Suara gembruduk, lan katon awan ganas Wedus Gembel nrejang ngobong pucuk pucuk alas pinus ing ngarep.
“ Lindaa! ! ......... Lindaa !! “
Beny mbengok, ananging Linda wis ngilang ing sajroning alas kobar.
Rong dino candhake, petugas search and rescue nyisir alas pinus lan sekitare, Ora nemoke jejake , ugo jasate Linda Ora ditemoake.
Ananging sore iku, si Manis mlayu metu soko alas pinus, bregas waras. Mripate belok Cilang cileng, meang meong mlebu Villa.
Beny kaget meruhi keadaane Si Manis kang mulus Ora kurang sawiji opo, Ora tatu, Ora ono bekas kobong.
Beny Enggal ngajak petugas ngambali maneh nyisir alas pinus kang gundul , bubar katerjang Wedus Gembel.
Ananging maneh, jejak lan jasate Linda Ora ditemoake.
Linda moksa ing Kaliurang, ilang tanpo lacak.
Kasmono ngrampungake catetane ing tengah kumandang Adzan Subuh kang sejuk sayu ngebaki langit Baciro.
Jumat iku koyo biasane, Kasmono makaryo tekun lan tenanan. Ananging ono roso Ora sreg ing perasaane.
Jabatan kang disandang iku mung jalaran soko Linda pingin nggawe takluk Romone, dudu mergo prestasi lan potensine. Iku Ora adil lan Ora bener.
Kasmono tunduk, ngudar pikiran lan ngonceki atine.
Pungkasane mutusake amrih kanggo becike laku perusahaan iki.
Kasmono nyiapake surat pengunduran diri, pingin lengser soko jabatan e.
Lagi nyawangi ruangane kang pungkasan , kanti pasuryan sedih, ono sing ndodog lawang .
Sopire mlebu ruangan nyangking amplop coklat,
“ Pak Kas, meniko wonten serat saking bu Linda kagem bapak “
[8:08PM, 3/11/2018] +62 858-7832-1000: Kasmono Linda 21
Kurang luwih Siji setengah tahun kepungkur, Dokter Spesialis Dalam sing nangani Linda angkat tangan , lan kanti abot nerangake menowo kesehatane Linda Ora bakal tahan luwih soko rong tahun maneh.
Linda sedih, ...... ngamuk nggrodah nggrodah, nesu. Iki kabeh goro2 Romone.
Linda nyalahake Romone kang dianggep dadi jalaran larane kang parah iki.
Anggepane Linda, Umpomo diidinke mbiyen mlebu sekolah seni, uripe bakal bedo. Tansah endah, harmoni, nyeni lan tentrem damai.
Nekuni Sekolah bisnis, mimpin perusahaan kang kebak persaingan iku nuwuhake stress tinumpuk kadang kolo Ora dirasaake. Akeh rundingan rundingan kang dowo , njalani intrik intrik kang agawe sayah jiwane.
Dasare Linda wong kang ulet , Ora gelem kalah lan ambisi tansah pingin dadi nomer siji ing lingkungane. Rikolo kuliah ono Amerika, Linda ngetok doyo juange sak pol2e, sinau nganti Ora ukuran, nganti lali wektu. Pamrihe pingin dadi nomer siji, kang paling apik, juara ing lingkungan Internasional, mahasiswa soko sak antero donya.
Lulus soko Amerika, bali Jakarta, Linda pingin nyambut gawe sing enteng ono perusahaan grup keluarga, sinambi arep kuliah maneh ono Institut Seni Jakarta.
Ananging Romone Ora setuju. Linda ora keno kuliah maneh.
Linda malah diwenehi kedudukan ing nggon panggawean kang abot2, amargo keluarga besar percoyo , menowo Linda bakal iso ngrampungake lan mimpin kanti sukses ing samubarang kabeh pakaryane.
Sanadyan Linda rodo segan aras2 en, ananging ego ne kang duwur lan hasrate tansah pingin ngadepi lan mrantasi tantangan kanti kasil .
Linda makaryo ekstra keras.
Diantem Tumpukan stress soko jaman kuliah tekan wektu nyambut gawe ing Jakarta kang dilakoni, daya tahan awake Linda mudun drastis, Ora kuat nanggung beban kang luwih abot.
Psikosomatis, jiwo kang sayah ing wektu dowo dadeake rogone Linda ugo sayah. Linda nandang lara kang misterius. Sok2 keno Vertigo kang Ora kasongko songko. Nganti divonis Doktere mangkono mau, umure diramal kari rong tahun.
Linda nemu kesempatan mbales lara atine marang Romone bubar moco proposal ambil alih perusahaan ing Jogya iku.
Lan Aku bakal dadi jembatan, srono lan mbok menowo bakal dadi wedus Ireng.
Moksa Kaliurang ,
Beny nuturake, dino iku ono Jakarta Linda katon muram , Ora jenak. Praeane kuyu, dumadakan ndadak karo mekso , ngajak Beny pingin menyang Jogya.
Dino candhake, Linda lan Beny mabur nuju Jogya. Mudun Bandara Adi Sutjipto Maguwo, Linda brubah pikiran, Ora sido nuju Kotabaru nanging ngajak Beny langsung menyang Kaliurang , nginep ono Villa keluarga.
Bengi iku, ono Villa Linda tambah gelisah , tambah Ora jenak. Wira wiri, ngideri omah ditutake si Manis, kucing ingon ingone Linda kang ditinggal ono Villa kono.
Sore ing dino naas iku, kentong titir ngganter ono tlatah Kaliurang. Gegeran wedus gembel ngamuk soko pucuk Merapi katiup angin, mabur mentiyung mlebu tlatah Kaliurang.
Sore iku, Linda nganggo long dress putih, rambute ngrembyak, gelisah khawatir dikancani si Manis. Beny lagi ono loteng, lantai loro.
Dumadakan krungu suarane Linda mbengok soko lantai ngisor,
“ Ben, Manis mlayu!!!”
Beny gragapan mlayu medun kesandung koper kang gemletak. Tekan ngisor meruhi Linda mlayu ngoyak si Manis kang ugo lagi mlayu ngoyak ngoyak kewan cilik kang mlayu mlebu alas pinus kang mepet plataran Villa.
Beny mlayu nututi Linda, ananging soko mburi kang katon , sosok lencir duwur kabungkus long dress putih, rambut ngombak meles Ireng ngrembyak iku mlebu alas ngoyak si Manis.
Durung nganti Beny tekan pinggir alas, dumadakan .....mak nyasss ....kroso howo panas nyamber raine. Suara gembruduk, lan katon awan ganas Wedus Gembel nrejang ngobong pucuk pucuk alas pinus ing ngarep.
“ Lindaa! ! ......... Lindaa !! “
Beny mbengok, ananging Linda wis ngilang ing sajroning alas kobar.
Rong dino candhake, petugas search and rescue nyisir alas pinus lan sekitare, Ora nemoke jejake , ugo jasate Linda Ora ditemoake.
Ananging sore iku, si Manis mlayu metu soko alas pinus, bregas waras. Mripate belok Cilang cileng, meang meong mlebu Villa.
Beny kaget meruhi keadaane Si Manis kang mulus Ora kurang sawiji opo, Ora tatu, Ora ono bekas kobong.
Beny Enggal ngajak petugas ngambali maneh nyisir alas pinus kang gundul , bubar katerjang Wedus Gembel.
Ananging maneh, jejak lan jasate Linda Ora ditemoake.
Linda moksa ing Kaliurang, ilang tanpo lacak.
Kasmono ngrampungake catetane ing tengah kumandang Adzan Subuh kang sejuk sayu ngebaki langit Baciro.
Jumat iku koyo biasane, Kasmono makaryo tekun lan tenanan. Ananging ono roso Ora sreg ing perasaane.
Jabatan kang disandang iku mung jalaran soko Linda pingin nggawe takluk Romone, dudu mergo prestasi lan potensine. Iku Ora adil lan Ora bener.
Kasmono tunduk, ngudar pikiran lan ngonceki atine.
Pungkasane mutusake amrih kanggo becike laku perusahaan iki.
Kasmono nyiapake surat pengunduran diri, pingin lengser soko jabatan e.
Lagi nyawangi ruangane kang pungkasan , kanti pasuryan sedih, ono sing ndodog lawang .
Sopire mlebu ruangan nyangking amplop coklat,
“ Pak Kas, meniko wonten serat saking bu Linda kagem bapak “
Candhake
[8:56PM, 3/11/2018] +62 858-7832-1000: Kasmono Linda 22
( edisi tamat )
Kayoman teduhe alas pinus ing lereng Merapi, Kasmono lungguh ono Watu nyawangi aliran bening Kali Kuning.
Hening, tentrem amung gemericik toya kang mili Ora kendat, nyebar kasuburan marang sumawono pesawahan, pategalan lan pekarangan ing tlatah Merapi.
Hening iku sirna marang Suara peksi kang ganter saut2an, ngiringi Sumunaring Srengenge ing antoro rimbune alas pinus , kang wis pulih soko amuke Wedus Gembel.
Awan iki ing Kali Kuning koyo perhelatan Agung regeng, unjuk atur syukur marang Gusti Allah kang murbeng dumadi.
Sepisan maneh Kasmono ngrampungake moco surat pungkasan soko Linda, kang nglengkapi opo kang dicritaake Beny.
Kasmono unjal ambegan .... Hmm
" Aku bakal enggal ngedeake Yayasan Sosial Lindawati,"
batine Kasmono.
Wis telung wulan iki, sakploke Kasmono nyiapake surat lengser jabatan, Kasmono tetep nyambut gawe koyo biasane, malah tansah luwih giat pethel nindaake tanggung jawabe minongko wakil Direktur perusahaan.
Surat lengser kang wis disiapake Kasmono , Ora sido diaturake marang pamengku Saham, jalaran soko surat pungkasane Linda kang mbukak kabeh pitakonan kang ngetok ketok atine.
Mengkene surasane,
Jakarta, September 1980an.
Kasmono kang tulus.
Mbok menowo ing wektu sliramu moco surat iki, Aku wis manggon ono Alam liyo, ninggalake sakabehe.
Aku wis nemu firasat, menowo sedela maneh bakal tinimbalan marang Gusti, ninggalake donya, sakabehe, ugo ninggalake sliramu.
Surat iki tak tulis kanti seksi Beny adiku sing pinercoyo, lan aku pesen , supoyo surat iki diaturke marang sliramu sak wise aku wis tinimbalan.
Kasmono kang andap asor,
Sing gede pangapuramu, marang kumowaniku, dene Aku ngerti kabeh kedadean kang panjenengan alami ono kantor lan ugo ing keluargamu, amargo sopir kang ndampingi panjenengan budal lan mulih kantor iku , aku sing milih lan mrintahake.
Kajobo dadi sopir deweke ugo ngugemi printahku dadi telik sandi, kang pendak ndino nglaporake kabeh kedadean ing Jogya.
Kas,
Sliramu mesti isih emut aku ngirim lukisan kanti tulisan
“ I’m sorry good bye"
, tulisan iku dudu mung ekspresi sentimentilku, ananging iku suara terus jero atiku. Aku njaluk apuramu, ugo pamitku marang sliramu. Aku wis pikantuk firasat, menowo bakal ora ketemu marang sliramu maneh.
Kasmono kang wicaksono,
Dene marang prakoro usulan sliramu dadi wakil Direktur. Mbok menowo sliramu wektu iku kaget lan ora nyongko, lan wektu iki mbok menowo sliramu isih rumongso tak apusi, bilih iku mau amung laku sandiworo kanggo lamise pamrihku.
Kanti satemene Kas, iku mau usulanku kang tak ajoake murni kanti dasar pertimbangan kanggo majoake perusahaan.
Aku wis ngamati, nliti rapor hasil kerjamu, pakarti lan ugo potensi kesanggupanmu mimpin perusahaan
Sliramu lulus, lan pantes mimpin kanggo ngembangake perusahaan iki.
Sanadyan sliramu amung lulus sekolah menengah atas, ananging hasrat, kemampuan dalah kemauanmu kuat lan mumpuni. Dadi Ora ono gegandengane marang sandiwara katresnan lan bebojoan iku.
Mulo ojo ragu lan ono prasongko tumrap jabatanmu sing koyo ndadak tibo soko langit.
Kas, mugo mugo sliramu ngerti, yen
Perusahaan iki wis tak anggep anak sing tak lairake, lan aku kepingin bocah iki bakal tumbuh sehat lan kuat.
Aku titip marang sliramu mimpin lan nggowo perusahaan iki menyang kemajuan, kesejahteraan lan kemanfaatan.
Tak ambali maneh, Aku titip perusahaan iki marang sliramu.
Kasmono,
Dene awakmu kang kegowo gowo ono cecongkrahanku marang Romoku, sepisan maneh aku njalik apuramu, mugo mugo iku enggal iso dadi masa lalumu, sing wis kudu dilalekake.
Iku kabeh mung Nuruti sentimen pribadiku kang tanpo arah, Aku gelo lan rumongso salah, wis kadohan nglibatake perasaanmu lan ugo keluargamu.
Sanadyan Aku duwe getih liberal wong Londo, ananging kodrat lan uripku tetep insan Jowo kang ora keno wani lan nyusahake wong tuwo.
Ing pungkasan, Aku wis nompo kodratku dadi putri Jowo sing kudu Tut Wuri, kanggo kabecikan kang luwih gede.
Kas,
kajobo soko iku kabeh, ono maneh sing bakal tak titipake marang sliramu.
Aku kanti sadar lan yakin, bakal nggibahake andil / saham ku ono perusahaan grup keluarga marang sliramu Kasmono, kang gedene rongpuluh prosen.
Aku ugo njaluk supoyo Beny enggal ngrampungake urusan walik jeneng andil, soko jeneng Lindawati marang jeneng Kasmono.
Pangarepku, sliramu ora nolak hibah iki, lan Aku ugo percoyo penuh marang Sliramu, tumrap pangupokoro lan kanggo opo kabeh hasil soko saham mau.
Insya Allah hibah iki bakal dadi keberkahan lan pikantuk ridla Gusti Allah.
Aku amung pingin pesen ugo marang Sliramu Kas. Sanadyan aku lan sliramu iku putro putri Jowo, ananging ojo melu salah kaprah tumrap keyakinan menowo " Urip iku mung sak dremo nglakoni " iku salah Kas.
Leluhur Jowo sejatine ngajarake " Urip iku nglakoni, ora mung sak dremo, ananging kudu temen2 nglakoni " amargo manungso diwajibake ikhtiar sakuate, ing dalan lan perintahe Gusti.
Gusti Allah iku adil, ora pilih kasih.
Dene ikhtiar iku kudu ndisikake tekad " Rawe rawe rantas, malang malang putung " ojo kosok balen, malah ndisikake geguneman " Alon2 waton kelakon"
Menowo mangkono iku keyakinan lan solah tindake awake dewe, Aku lan kowe iso nepuk dada, lan ujar menowo awake dewe iki putro putri Jowo kang sejati.
Lan sepisan maneh aku percoyo, sifat koyo sliramu kang ngregani liyan, tulus, ngabdi, tenggang roso dalah tansah pingin maju, bakal nggowo apik lan majune perusahaan iki.
Kas, Lan Aku ugo amung ngelingake, ing kasunyataning urip,
Ora ono wong
kang mutlak becik, utawa mutlak ala.
Kasunyatane, hubungan marang liyan iku " gegandengan kang muat tresno benci, love hate relationship " amargo pendak wektu manungso iku berubah.
Mulo anggonmu mimpin, ( lan aku wis ngusulake sliramu bakal ngganti Aku) perlu nduweni sifat lan sikap ; tansah duwe hasrat sinau lan maju, ora gampang lara ati, lan ugo gampang menehi apura marang liyan.
Mangkono Kasmono, menggah opo sing dadi kepinginanku, harapanku. Lan sepisan maneh Aku njaluk apuramu.
Aku ndonga,
Mugo mugo Gusti Allah ngijabahi niat kang becik iki.
Salam lan jalukno apuraku marang Miranti ,,, bojomu.
Aku pamit.
Lindawati
Sepisan maneh Kasmono unjal ambegan. Moco kanti lerem layang dowo minongko suroso pamite Lindawati.
Kasmono netepke tekate nompo amanah soko Linda kanti syukur lan tanggung jawab.
Lan niatake bakal ngimpun dana abadi soko hasil rong puluh persen andil ing perusahaan kang cukup gede iki kanggo atetulung liyan kang nandang lara, kesusahan lan ugo kanggo nggalang pendidikan.
Kasmono netepake Linda bakal dadi panutan lan semangat Rawe rawe rantas , kanggo panggawe pakarti becik.
Kasmono menyat ngadeg mlaku alon nyingkir, ninggalake Kali Kuning.
Mudun nyusur kelak kelok Jalan Kaliurang,
Pasuryane mantep, kebak keyakinan, bakal bali marang keluargane Miranti dalah anak2 e, lan keluarga sing ke loro, yaiku Perusahaane, lan ugo keluargane sing ketelu Yayasan Libdawati.
Dino iki Kasmono napak Kali Kuning ing lereng Merapi, minangka ziarah marang Lindawati kang ora terang panggon kubur lan jasate.
Kali kuning dadi simbul bening niat lan perjuangan kang mili ngalir tanpo kendat, kanggo kabecikan.
Tekate teges, bakal njaga lan makmurake keluarga keluargane. Amargo keluarga iku Omah lan dalan Uripe.
Kasmono nyawang lembayung Sandyakala, Mego arak arakan, akoyo Baito kang nglayari Samodra.
Sandyakala iku dudu pung kasaning crito , ananging awal perjuangane Kasmono.
Ing angkoso Elang ngepak sayap......nembus Langit.
Tancep Kayon
Blencong Mati
Cuthel