Minggu, 15 April 2018

E ndinge Kasmolin

Sorry Lindawati ternyata tdk mati:

*Kasmono - Linda _ happy ending*

Kasmono olehe nulis buku harian kuwi prasasat isine mung bab Lindawati. Kabeh krenteging ati wis disuntak resik ana kono:
"Lindawati, aku wis duwe bojo Miranti karo wis duwe patutan anak loro. Nanging sejatine wiwit biyen mula aku tetep tresna sliramu. Kowe aja mati dhisik ninggalake aku. I love You full. Ngono ukarane minangka panutuping buku hariane. Buku kuwi bakal disimpen kanthi premati, pamrihe mbesuk tembe mburi bakal minangka wasiat kanggo anak-anake.

Krungu kabar yen Lindawati melu dadi korban bencana ing tlatah merapi, kamangka durung ana kabar perkara jenazahe ketemu apa ora, Kasmono judheg banget atine. Getun, kedhuwung, gela, menyesal: Genea wingi kok ora gelem ngepek bojo Lindawati. Genea wingi kok ora manut banjur manthuk karo njawab "ho-oh" ngono wae. Genea wingi kok ora gelem terus meksa Miranti yen dheweke kudu sarujuk Lindawati bakal dirabi. Genea ora? Genea ora wani? Saiki Lindawati nemoni alangan tekaning patine, banjur kepiye? Aku! Aku sing salah, Lin! Ya Allah, Gusti, kula ingkang lepat..

Bebasan dilolosi bayune, lemes tanpa daya Kasmono ambruk bruk semaput ana ing teras. Kamangka wektu kuwi wayahe budhal kantor gek wis diantu karo sopire.

Gurawalan Miranti bingung anggone tetulung. Bengok2 nyeluk sopire kinen nggotong garwane, tumuli dilenggahake neng njero mobil, nuli gage2 budhal rumah sakit.
RS. Bethesda wae sing cedak!

Bareng diblonyohi lenga putih dening Miranti, Kasmono rada eling sithik. Sadalan-dalan tansah ndleming nyeluk Lindawati;

_"Lin.."_
_"Linda.."_
_"Lindawati.."_
_"Ohhhh, pangapuraku ya wong ayu.."_

Mangkono pandleminge Kasmono sakdalan dalan. Mrangguli kahanan mangkono, Miranti karuwan wae ora tega. Arepa nesu, gething, mangkel, merga nyawang bojone prasasat arep mati merga kayungyun marang kenya sing ditresnani, Miranti tetep babar blas ora tega:

_"Iya Kas, oleh wis, oleh. Aku sarujuk yen kowe arep ngrabi Lindawati. Aku lila. Sing penting enggal tangia lan aja nganti lara.."_, mengkono kandhane Miranti turut ndalan karo ngaras lan mgelus2 Kasmono.

Tekan Bethesda kang ndilalah pinuju sela, Kasmono enggal2 ditampani lan dipriksa dokter. Kasmono nuli dipapanake ana kamar rawat inap saperlu orientasi dokter bab apa penyakite.

_"Ini hanya syok berat saja, Bu. Dia mengalami sindrom traumatis, mungkin baru saja ada hal yang sangat memukul batinnya"_, mengkono pangandikane Dokter.

Miranti ora pati nggatekake, dheweke tungkul ngrungkebi Kasmono karo bola bali kandha:

_"Eling Kas, eling... Iya wis aku janji kowe oleh ngrabi Lindawati. Aku ikhlas. Aku janji.."_

Mangkono suwarane Miranti ambal-ambalan.

****

Esuk2 ana ing rumah sakit Bethesda, Kasmono lagi melek mbukak mripate. Mendah apa kagete, jebul neng sandhinge wis ngadeg kenya loro. Sing siji bojone dhewe Miranti, sing sijine sapa maneh yen dudu Lindawati. Kenya sakloron ngadeg jejer kepara cedhak saengga ketok yen padha ayune. Padha manise.

_"Heh?! Mengko dhisik Lin! Wingi Beny crita yen kowe jare melu katut dadi kurban panjebluge Merapi. Jare lagi nunggu evakuasi korbane. Piye ta  iki nalare?"_

_"Oh, kuwi keleru Mas. Aku wingi ditemokake relawan, terus ditulungi sarta dievakusi Basarnas. Lagi tekan ngomah tengah wengi. Pancen ya kaget kabeh semu ora percaya. Sing dikira aku jebul wong liya, saiki jare isih diidentifikasi Basarnas. Alhamdulillah aku waras slamet, mula banjur gage2 mrene.."_ ngono wangsulane Lindawati kang banjur diselani Miranti melu kang kandha;

_"Iya Kas, uwis ndang sehat waras wiris slamet. Mesakake aku, mesakake bocah², mesakake mbak Linda yen kabeh ditinggal kudu kelangan kowe"_, ngono kandhane Miranti karo mripate mlerok neng Lindawati. Sing dipliriki mung mesem ngujiwat. Manis ayu tenan.

_"Iya Kas, aku mau wis rembugan karo Jeng Linda yen aku karo dheweke sarujuk dirabi sakloron. Aku lila ikhlas lair batin"_, njawab ngono Miranti karo kembeng² eluh ing mripate, tumuli ngrangkul Lindawati lan ngrangkul Kasmono. Telu2ne padha bareng rerangkulan kanthi trenyuh ing atine genea bisa mungkasi perkara kang banget abot tumraping batine kabeh.

Anake Kasmono, bocah loro mung ngadeg ana samburine ibune. Plonga-plongo sajak ora ngerti iki mau lagi ana rembug apa wae.

Sakbanjure ora bisa dicrita akeh² sarta dawa gek terus piye pungkasane. Ora perlu digawe crita, amarga sasat kabeh wong ing kantore Lindawati sarta saperangan masyarakat wis padha ngerti perkara rinajuting katresnan CLBK antarane Bu Direktur Lindawati lan wakil direktur Kasmono.

Ing Jogjakarta ya lagi iki ana kedadeyan aneh mengkono, genea elok temen ana wakil direktur arep ngrabi wakil direkture. Nanging sasat kabeh wong padha seneng lan lega atine. Sangsaya kabeh karyawan ing perusahane Lindawati, seneng banget bareng entuk undangan rapat.

Sing gawe seneng kuwi merga dudu undangan rapat dines sing mboseni kaya biasane. Nanging undangan rapat panitia kanthi irah²an:

*Rapat Pembentukan Panitia Acara Pernikahan Ibu Lindawati dengan Bapak Kasmono; Direktur dan Wakil Direktur PT. Cinta Indah Selaras Abadi*













*TAMAT*

Cerkak Prabandari Muridku

*Wacan jawa* *PRABANDARI MURIDKU* Jilid 1 Lagi setengah taun aku mulang SMA Negri Mblimbingsari. Ning rasane kok wis rumangsa srek lan se...